Lawang
Lawang utawa Kori yaiku salah sijiné piranti omah kang bisa dibukak.[1] lawang biyasané nemplek ing tembok lan gebyok.[1] Gunané kanggo nggampangaké sirkulasi udara ing sajrone panggonan-panggonan ing sanjeroné omah. [1]Saliyane ditemokaké ing wewangunan-wewangunan kayata omah, lawang uga ditemokaké ing mobil, lemari lan piranti liyané.[1] Lawang biyasané digawé saka kayu.[1] Kayu kang dianggo nggawé lawang biyasané kayu jati, randhu, mahoni, lan liya-liyane.[2] Saliyané iku ana uga lawang kang digawé saka bahan aluminium, wesi, lan plastik PVC.[1] Lawang ana kang modhélé sak bageyan ananging ana uga lawang kang nduweni bagéyan loro yaiku bagéyan kang ngisor lan bageyan kang ndhuwur, leloroné uga kena dibuka.[1] Lawang kang kaya ngene iki diarani lawang monyet.[1]
Lawang ana kang gunané kanggo penghubung antarane salah sijine ruangan karo bagéyan sanjabané ruangan, saliyané iku lawang uga kenan kanggo penghubung ruangan siji lan sijiné kang ana ing njero wewangunan.[2] Kuwat orané lawang gumantung karo bahan kang digunanakake kanggo nggawé lawang, kalebu kusen apadene daun pintu.[2] Lawang kang ora kuwat lan gampang dibobol biyasane bisa nyebabaké kajahatan.[2] Lawang uga diwenei kunci, gembok apadene engsel kanggo ngunci.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.