Laskar Pelangi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Laskar Pelangi
Laskar pelangi sampul.jpg
Pangarang Andrea Hirata
Negara Indonesia
Basa Indonesia
Tipe Roman
Penerbit •Yogyakarta: Bentang Pustaka
Tanggal terbit 2005
Cacahing kaca XI, 529 halaman
ISBN ISBN 979-3062-79-7

Laskar Pelangi kuwi sawijining novel pisanan karya Andrea Hirata kang diterbitaké déning Bentang Pustaka taun 2005. Novel iki crita bab kauripan 10 bocah saka kluarga prasaja kang sekolah (SD lan SMP) ing sawijining sekolah Muhammadiyah ing pulo Belitong kang sarwa cumpèn. Bocah-bocah mau yaiku:

  1. Ikal (tokoh aku)
  2. Lintang; Lintang Samudra Basara bin Syahbani Maulana Basara (sang jenius)
  3. Sahara; N.A. Sahara Aulia Fadillah binti K.A. Muslim Ramdhani Fadillah (siji-sijiné murid wadon)
  4. Mahar; Mahar Ahlan bin Jumadi ahlan bin Zubair bin Awam (duwé bakat paling gedhé ing babagan seni lan duwé minat marang donya mistik)
  5. A Kiong;Muhammad Jundullah Gufron Nur Zaman (katurunan Tionghoa)
  6. Syahdan; Syahdan Noor Aziz bin Syahari Noor Aziz (penurut lan kang tansah kalahan)
  7. Kucai; Mukharam Kucai Khairani (sang ketua kelas kang akèh omong)
  8. Borek aka Samson (ka-obsesi karo citra macho)
  9. Trapani; Trapani Ihsan Jamari bin Zainuddin Ilham Jamari (lanang paling gantheng lan gumantung marang ibuné)
  10. Harun; Harun Ardhli Ramadhan bin Syamsul Hazana Ramadhan (umur 15 taun wektu mlebu klas 1 SD lan duwé panyakit "idiot")

Bocah-bocah mau sekolah lan sinau ing kelas kang padha saka kelas 1 SD nganti kelas 3 SMP, lan nyebut awaké dhéwé minangka Laskar Pelangi. Ing bagéyan-bagyéan pungkasan crita, anggota Laskar Pelangi tambah siji wadon kang jenengé Flo, murid pindhahan. Kahanan cumpèn kang ana ora nggawé bocah-bocah mau nglokro, nanging malah nyurung supaya bisa gawé kang luwih apik.


Laskar Pelangi minangka buku pisanan saka Tetralogi Laskar Pelangi. Buku kaloro yakuwi Sang Pemimpi, buku katelu Edensor lan buku kapapat Maryamah Karpov.


Miturut rencana naskah Laskar Pelangi bakal diadaptasi dadi sawijining film. Film Laskar Pelangi bakal diproduksi déning Miles Productions lan Mizan Cinema, lan digarap déning sutradara Riri Riza.


[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Laskar_Pelangi&oldid=675185"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès