Edensor
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Pangarang | Andrea Hirata |
|---|---|
| Negara | Indonesia |
| Basa | Indonesia |
| Tipe | Roman |
| Penerbit | •Yogyakarta: Bentang Pustaka |
| Tanggal terbit | 2007 |
| Cacahing kaca | IX, 294 kaca |
| ISBN | ISBN 978-979-1227-02-5 |
Edensor kuwi buku katelu jroning Tetralogi Laskar Pelangi anggitan Andrea Hirata. Novel iki nyritakaké pengalamané bocah enom kang asalé saka désa mlarat ing Belitong. Urip kang sengsara amarga kudu nyambi nyambut gawé supaya bisa sekolah, nanging tokoh ing novel iki nduwèni tékad lan panggayuh kang dhuwur.
[sunting] Sinopsis
Ikal, kang ing mangsa cilikané tau diganti jenengé dadi "Wadudh", karo kanca raketé Arai, sidané kasil éntuk béasiswa sekolah menyang Eropah. Kanthi béasiswa mau Ikal lan kancané bisa ngulandara ing jagad Eropah yakuwi ing antarané menyang negara Walanda, sekolah ing Sorbornne Prancis, Jerman malah bablas ngalor tekan Skandinavia barang.