Lambang Negara dan Kekaisaran Jepang
Lambang Kakaisaran Jepang (jroning basa Jepang: 菊の御紋 Kiku No Gomon), iku sacara harafiah tegesé "Lambang Mulia Krisantemum" utawa "Lambang Kekaisaran Krisantemum" .
Lambang utawa Sègel Kakaisaran iki dipigunakaké déning anggota kulawarga Kakaisaran Jepang. Ing sangisoré konstitusi Meiji, ora ana sing diidinaké nganggo Sègel Kakaisaran kajaba Kaisar Jepang, amarga saka kuwi saben anggota kulawarga Kakaisaran migunakaké versi sègel sing rada béda. Kuil-kuil Shinto sing kagandhèng karo kulawarga Kakaisaran uga migunakaké versi-versi sègel sing wis diowahi sethithik.
Nganti taun 2005, ora ana undhang-undhang sing nyatakaké apa sing dadi Lambang Negara Jepang. Biasané Sègel Kakaisaran dianggep minangka Lambang Negara. Tuladhané, sègel kasebut tampil ing samak paspor Jepang.