Kriptografi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kriptografi, sacara umum yaiku èlmu lan seni kanggo njaga wadining warta [bruce Schneier - Applied Cryptography]. Saliyané pangertèn kasebut ana uga pangertèn èlmu sing nyinaoni tèknik-tèknik matématika sing magepokan karo aspèk kaamanan informasi kayadéné wadining data, kaabsahan data, integritas data, lan autentikasi data [A. Menezes, P. van Oorschot and S. Vanstone - Handbook of Applied Cryptography]. Ora kabèh aspèk kaamanan informasi ditangani nganggo kriptografi.