Koperasi
Koperasi yaiku organisasi kang otonom kang ana ing lingkungan sosial ekonomi.[1] Koperasi nduwèni sistem kang nduwèni tujuwan-tujuwan kang otonom.[1] Tujuwan iki digawé kanthi dhasar kasepakatan saben wong. Tujuwan iki diwujudaké kanthi anané aktivitas ekonomi kang dilaksanakaké kanthi bareng-bareng.[1] Ing UU taun 1992, koperasi didefinisiaké dadi badan usaha kang anggotané wong-wong utawa badan hukumhukum koperasi kang landhasan kagiyatané yaiku prinsip-prinsip koperasi lan gerakan ekonomi rakyat kang dhasaré asas kekeluargaan.[1]
Prinsip koperasi[sunting]
Prinsip koperasi yaiku sistem kang kasusun dening pamikiran-pamikiran abstrakabstrak kang didedukasi karo ahli-ahli koperasi saka pangalaman praktik kang wis dibuktékaké ing jaman dhisik kang dadi garis-garis panuntun kang paling cocok kanggo sapa waé kang kepengin mbangun koperasi kang éféktif lan bisa langgeng.[1] Ing Indonésia, prinsip koperasi kang wis ditulis ing UU No. 12 Taun 1967 lan UU No. 25 Taun 1992. Ing UU No. 25 Tahun 1992, prinsip koperasi yaiku[1]
- Kaanggotaan kang sifaté terbuka lan sukarela
- Pangelolaan kang dilakokaké kanthi demokratis
- Pambageyan sisa hasil usaha utawa SHU kang dilakokaké kanthi adil lan sebanding karo gedhéné jasa usaha saben anggota.
- Menenhi balas jasa kang winates tumprap [modhal]]
- Kamandirian
- Pandhidhikan perkoperasian
- Kerjasama karo kpperasi liyané
Kanthi kagiyatan rekomendasirekomendasi saka para ahli, ICA wis ngrembakakaké prinsip koperasi anyar lan ngilangaké prinsip-prinsip kang dikembangaké karo koperasi Rochdale.[2] Prinsip koperasi anyar kang dikembangaké ICA yaiku:[2]
- Kaanggotaan kang sifaté terbuka dan sukarela
- Pangelolaan kanthi cara demokratis
- Partisipasi anggota sajroné ekonomi
- Kabebasan lan otonomi
- Ngrembakakaké pendidikan, pelatihan, lan informasi
Cathetan suku[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.