Konservasi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Merge-arrow.svg Ana usul supaya artikel utawa pérangan iki digabungaké menyang artikel konsèrvasi.   (Rembug)
lestarékaké aku

Konservasi kadadéyan saka tembung Conservation kang tegesé nglestarékaké sabarang apa kang dinduwéni. [1]Konservasi uga nduwéni teges nggunakaké lan dayagunakaké sumberdaya alam kanggo nyukupi kebutuhané manungsa kang cacahé akeh lan wektu kang suwé. [2]

Konservasi ora mung migunakaké ananging uga njaga lan ngembangaké potensi kuwi. [3]Miturut data bank dunia, ing taun 2008 meh saben dinané 50.000 bocah mati amarga masalah sanitasi banyu. [3] Konservasi ana werna-werna, kayata konservasi banyu, lemah, tanduran, minyak bumi, batu bara, lan liya-liyane.[3] Konservasi lemah lan banyu kang uga diarani pengawétan lemah nduwéni teges sabarang rékadaya kanggo njaga lan ningkataké produktivitas lemah, kalebu uga kualitas lan kuantitas lemah saéngga bisa ncegah erosi. Sakliyané iku uga bisa njaga cacahé banyu resik kanggo kabutuhan sabendinane. [4]Ora mung barang kang konkret ananging konservasi nilai lan moral uga diperlokake amarga konservasi nilai lan moral bisa ningkataké lan gawé teteg karakter utawa nilai kapribadèn bangsa. [5]

Konservasi uga nduwé teges njaga lan nglestarékaké.[6] Konservasi asalé saka tembung bahasa Inggris, yaiku tembung ''Conservation'' kang tegesé nglestarékaké.[6] Miturut ilmu lingkungan,tembung konservasi nduwe teges.[7]

  • Rekadaya kanggo nglestarékaké lan njaga energi, produksi, transmisi, utawa distribusi kang akibaté bisa ngurangi konsumsi energi.
  • Njaga lan nglestarékaké lingkungan sumber daya alam.
  • Transformasi fisik
  • Nglestarékaké supaya awét suwé.
  • Keyakinan yen habitat alami sawijining wilayah bisa kaolah, saéngga akéh kéwan lan wit-witan kang urip lan ora punah. Saliyané iku uga habitat kanggo urip kéwan lan tanduran bisa tetep asri.

Konservasi Alam [sunting]

Konservasi alam tegesé salah sawijining manajemen tumprap alam lan lingkungan kanthi apik kanggo njaga tanduran lan kéwan.[8] Ana kéwan lan tanduran kang wis punah kepangan wektu, kayata dinosaurus.[8] Nanging akhir-akhir iki manungsa kang cacahé akéh nyebabaké alam padha rusak.[8]

Jumlah spesiés kang akeh sing mati lan punah kang mandhegani konservasi alam prelu dilaksanakaké.[8]

Prelune [sunting]

Yèn para manungsa ora nglaksanakaké konservasi alam, bakal akeh tanduran lan kéwan liar kang punah.[8] Spesiés-spesiés liyané uga bisa punah.[8] Yèn kalakon tenan, menungsa bakal rugi akèh, sebab kéwan utawa tanduran kang punah ora bakal bisa mbalik ana manéh.[8] Alam, dadi bab kang wigati banget tumprap manungsa amarga alam dadi habitat lan panggonan manungsa. [8] Faktor-faktor kang ndadekaké alam dadi bab kang wigati banget yaiku.[8]

  • Faktor kaéndahan
  • Manfaat ékonomi
  • Manfaat ilmiah
  • Manfaat kanggo kelangsungan urip manungsa

chatetan suku [sunting]

  1. ^ Pendaki Eror.com (dipunundhuh tanggal 22 Maret 2011)
  2. ^ Oppapers.com (dipunundhuh tanggal 27 Maret)
  3. ^ a b c Konservasi (dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  4. ^ Pengertian Konservasi (dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  5. ^ Suara Merdeka.com(dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  6. ^ a b (id)[Reif, J.A. Levy, Y. 1993. Password: Kamus Bahasa Inggris Untuk Pelajar. PT. Kesaint Blanc Indah Corp. Bekasi. 1993]
  7. ^ (en)[1](dipunundhuh tanggal 5 April 2011)
  8. ^ a b c d e f g h i (id)[2](dipunundhuh tanggal 5 April 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Konservasi&oldid=858915"