Kobe Bryant
| Posisi | Shooting guard |
|---|---|
| Julukan | Black Mamba KB24 |
| Liga | NBA |
| Dhuwur | 6 ft 6 in (1.98 m) |
| Bobot | 205 lb (93 kg) |
| Klub | Los Angeles Lakers |
| Negara | Cithakan:Bendera usa |
| Lair | 23 Agustus 1978 (umur 34) Philadelphia, Pennsylvania |
| SMA | Lower Merion HS (Lower Merion, Pennsylvania) |
| Draft | ke-13 (secara keseluruhan), 1996 Charlotte Hornets |
| Karier pro | 1996 – saiki |
| Penghargaan | 10 kali NBA All-Star 9 kali All-NBA Selection kaping 7 All-Defensive Selection kaping 3 NBA All-Star MVP 1997 Juwara Kontes Slam Dunk NBA 1996 Naismith Prep Player of the Year 1996-1997 All Rookie Second Team 2007-2008 NBA MVP kaping pindho MVP Final NBA |
Kobe Bean Bryant (lair ing Philadelphia, Pennsylvania, Amerika Serikat, 23 Agustus 1978; umur 34 taun) yaiku pemain NBA lan main ana ing klub Los Angeles Lakers.[1] Kobé nganggo kostum kang nomeré 24 (wiwit taun 2006-07) lan main ana ing posisi Shooting guard.[1] Kobe miwiti debuté ana ing NBA nalika musim kompetisi taun 1996-1997 lan wis tau juara bareng Los Angeles Lakers kaping 3 nalika main bareng pemain bintang liyané Shaquille O'Neal kang saikiné main ana ing Cleveland Cavaliers.[1]
Karier[sunting]
Tanggal 7 Januari 2003 nalika main lawan Seattle SuperSonics Kobé Bryant bisa nyétak kaping 12 NBA-titik témbakan telu. [2] Salah siji kang dadi prestasiné yaiku nalika bisa mencetak 81 angka nalika main lawan Toronto Raptors tanggal 22 Januari 2006, kang dadi jumlah angka kaping loro paling akèh ana ing sejarah NBA kang digawè ana ing sakgamè.[2] Ing musim iki Kobè uga bisa gawè 50 poin luwih ana ing 4 mainan kanthi turut-turut.[2] Kobè duwè rèkor sakdawenè karierè yaiku bisa gawè poin luwih saka 50 kaping 21.[2] Rèkor kang wis digawè mau durung cukup, merga pemain legènda Wilt Chamberlain lan Michaèl Jordan luwih akèh menèh anggonè gawè poin luwih saka 50, Chamberlain kaping 108 lan Jordan kaping 31.[2] Ana ing sejarah NBA, kobè gawè 81 poin ana ing 1 gamè kuwi dadi rèkor angka paling akeh kaping 2 kang digawè sakwisè Wilt Chamberlain kang bisa gawe 100 poin ana ing 1 gamè. [3][4] Bryant uga gawé rékor liya babagan gawé angka.[4] Tanggal 2 Februari 2009 nalika Lakers main lawan New York Knicks, kobé gawé 61 angka kanthi prosentase tembakan suksés 61% lan Lakers menang 126–117.[4] 61 angka ang digawé Bryant bisa ngalahké rekor angka paling akéh kang digawé dening pemain ing Madison Square Garden, rékor kang sakdurungé digawé dening Bernard King. [5] Bryant uga nyekel rékor dadi pemain paling enom ana ing sejarah NBA kang bisa gawé angka kaping 24.000 ana ing umura 31 taun 75 dina, ngliwati rekor Wilt Chamberlain kang meraih rekor mau ana ing umur 31 taun 113 dina.[5] kobé dadi pemain kaping-17 kang bisa gawé angka saknduwuré 24.000.[6] Tanggal 1 Februari 2010, Kobé Bryant gawé 44 angka lan dadi top skorer sepanjang masa Los Angeles Lakers ngliwati Jerry West nalika Lakers main ana ing FedEx Forum lawan Memphis Grizzlies.[7]
Pranala Njaba[sunting]
Cathetan Suku[sunting]
- ^ a b c (id)www.kobe-bryant.org (Dipuntingali tanggal 25 Mei 2011)
- ^ a b c d e (id)http://id.omg.yahoo.com (Dipuntingali tanggal 25 Mei 2011)
- ^ www.nba.com
- ^ a b c sports.espn.go.com
- ^ a b sports.yahoo.com
- ^ http://scores.espn.go.com
- ^ www.detiksport.com