Kaos oblong

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Ambox content.png
Artikel iki perlu dikembangaké supaya bisa nyukupi kriteria minangka èntri Wikipedia.
Panjenengan bisa mbiyantu ngembangaké artikel iki. Yèn ora dikembangaké, artikel iki bakal dibusak.
Kaos oblong

Kaos oblong uga diarani T-shirt yaiku jinis sandhangan kang nutupi lengen, dhadha, bahu, lan weteng.[1] Kaos oblong ora nduwéni kancing, krah, utawa sak.[1] Umume kaos oblong nduwéni lengen cekak.[1] Lengene ngliwati bahu nganti tekan sikut.[1] Kaos oblong ing bagéyan guluné nduwéni bentuk bunder.[1] Bahan kang umum kanggo nggawé kaos oblong yaiku katun utawa poliéster.[1] Saliyané iku kena uga nggunakaké bahan loro-loroné, kanthi nggabungaké bahan-bahan mau.[1] Mode kaos oblong kayata mode kanggo wong wadon lan mode kanggo wong lanang.[1] Kaos oblong uga kena dianggo kabéh umur wiwit bayi, remaja, nganti tekan wong diwasa. [1]

Asal muasal jeneng inggrisé yaiku T-shirt, ora ana sing mangerténi kanthi trawaca.[2] Teori kang paling umum yaiku jeneng T-shirt asalé saka bentuk kang mirip karo huruf "T", utawa amarga pasukan militér kerep nganggo pakéyan jinis iki dadi pakéyan training utawa training shirt.[2] Kaos oblong biyèn mung dianggo dadi pakeyan dalam.[2] Ananging saiki kaos oblong ora mung digunakaké dadi pakeyan dalam ananging uga kena dadi pakéyan sedina-dinané.[2] Kaos oblong jaman saiki duwéni akéh variasi lan wernané.[2] Umpamané kaos oblong kang diwénéhi gambar lan tulisan kang werna-werna.[2] Kayata film, jeneng lan gambar tokoh kang misuwur. [2]Saliyane iku kaos oblong uga kena dadi ciri organisasi lan kanggo kampanyé kanthi nyithak tulisan lan gambar manut karep lan tujuwané.[2]

[sunting] Chatetan suku

  1. a b c d e f g h i (id)sakasa.com(dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h (id)elcogarment.com(dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kaos_oblong&oldid=660612"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès