Kali Ciliwung
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kali Ciliwung kuwi sawijining kali kang iliné ngliwati kutha Bogor, Kabupaten Bogor,Depok lan Jakarta, Indonesia. Saka 13 kali kang mili ing Jakarta, Kali Ciliwung duwé dhampak kang paling amba nalika mangsa udan, awit Ciliwung mili ngliwati tengah kutha Jakarta kang akèh perkampungan lan perumahan padhet sarta ramé. Ciliwung uga dianggep kali kang paling rusak tinimbang kali-kali liya kang mili liwat Jakarta. Saliyané kuwi amarga dhaérah ilèn kali (DAS) ing bagéan hulu ing Bogor kang wis rusak, lan wilayah kali ing Jakarta kang wis tansaya ciut lan cethèk, Ciliwung nduwèni potensi paling gedhé bakal nyebabaké banjir ing Jakarta. Pamaréntah duwé rencana kanggo gawé Wadhuk Ciawi ing Gadog, Megamendung Bogor, kanggo ngendhalèkaké Kali Ciliwung wiwit saka hulu.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala njaba
| Artikel perkawis geografi menika taksih awujud tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |


