José Ramos Horta
| José Manuel Ramos-Horta, GCL |
|
|
Presiden Timor Leste ke-2
|
|
|---|---|
| Isih njabat | |
| Wiwit njabat 17 April 2008 |
|
| Perdana Menteri | Xanana Gusmão |
| Sadurungé | Fernando de Araújo (Pejabat) |
| Pengganti | Belum ada |
| Masa jabatan 20 Mei 2007 – 13 Februari 2008 |
|
| Perdana Menteri | Estanislau da Silva Xanana Gusmão |
| Sadurungé | Xanana Gusmão |
| Pengganti | Vicente Guterres (Pejabat) |
|
|
|
| Mangsa jabatan 26 Juni 2006 – 19 Mei 2007 |
|
| Presiden | Xanana Gusmão |
| Sadurungé | Mari Alkatiri |
| Pengganti | Estanislau da Silva |
|
|
|
| Lahir | 26 Desember 1949 (umur 63) Dili, Timor Leste |
| Partai politik | Independen |
| Agama | Katolik Roma |
José Manuel Ramos-Horta (Portugis: IPA: [ʒu'zɛ 'ʁɐmuz 'oɾtɐ]), GCL (lair 26 Desember 1949; umur 63 taun) inggih menika Prèsidhén Timor Leste kaping kalih wiwit mardika saking Indonésia,wiwit njabat ing tanggal 20 Mei 2007.[1] Sadèrèngipun dados prèsidhén, panjenenganipun njabat Perdana Mentri Timor Leste.[1] Panjenenganipun njabat dados Perdana Mentri timor Leste tanggal (8 Juli 2006 - 20 Mei 2007) lan Mentri Njaban Rangkah Timor Leste wiwit mardika ing taun 2002 ngantos lengsér ing taun 2006, sadèrèngipun Hose dados juru wicara tumrap parlawanan Timor Leste ing pangasingan nalika Timor Leste taksih dipunparéntah Indonésia antawis taun 1975 lan 1999.[1] Panjenenganipun pikantuk bebungah Nobél ing taun 1996.[2] Sasampunipun ndhèrèk grombolan anti-Portugis, panjenenganipun tindak dhateng pangasingan (1970-1972) ing Mozambik. Sasampunipun kondur malih dhateng Timor Leste, panjenenganipun lajeng ndhèrèk organisasi Front Revolusioner kanggé Kamardikan Timor Leste (FRETILIN).[3] Nalika Indonésia nginvasi Timor Leste malih, Ramos Horta wangsul malih dhateng pangasingan lan dados juru wicara kanggé kamardikan Timor Timur ing jagad internasional.[3]
Kulawarga [sunting]
Jose miyos 26 Desember 1949, ing Kutha Dili. Panjenenganipun kagungan sadhèrèk cacah sawelas, tiga ing antawisipun dipunperjaya pati déning militér Indonésia nalika Timor Leste taksih dipunkuwaosi Indonésia (1975-1999).[1]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d (en)Biografi Dr José Ramos-Horta dipunundhuh tanggal 10 September 2011)
- ^ Donald Greenlees, "East Timor hopes new leader will heal divisions", International Herald Tribune, 11 Mei 2007.
- ^ a b (en)José Ramos-Horta dipunundhuh tanggal 17 September 2011)
Pranala Njawi [sunting]
(en)Biografi Dr José Ramos-Horta
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.