Jabon
| Neolamarckia cadamba | |
|---|---|
| Wit ing Kolkata, Benggala Wétan, India. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiosperms |
| (unranked): | Eudicots |
| (unranked): | Asterids |
| ordo: | Gentianales |
| kulawarga: | Rubiaceae |
| Genus: | Neolamarckia |
| Species: | N. cadamba |
| Jeneng binomial | |
| Neolamarckia cadamba (Roxb.) Bosser |
|
| Sinonim | |
|
Nauclea cadamba Roxb. |
|
Jabon yaiku salah sawijiné wit kang thukul ing wilayah Asia.[1] Wit iki ana ing wilayah Asia Selatan nganti Papua Nugini.[1] Ing Indonesia, wit iki uga dikenal kanti jeneng jabun, kelampayan, empayang, lan worotua.[1]
Wit iki banget dianggep suci kanggoné wong Hindu ing India.[1]
Jabon uga minangka sawijining alternatif investasi ing usaha tani.[1] Investasi usaha tani khususé kayu jabon iki pancèn pas, amarga ing Indonesia kuwi panggon tanah agraris.[1] Ing Indonesia uga akèh papan kang cocog kanggo nandur wit Jabon.[1]
Bab lan Paragraf |
Bentuk [sunting]
Jabon kuwi jinis wit cahaya light-demander kang cepet thukulé.[1] Ing umur 3 taun dhuwuré wis bisa nganti 9 m lan diamèter 11 cm.[1] Ing umur 5-6 taun diamèteré bisa nganti 40-50 cm, diamèter thukulé antarané 5-10 cm/taun.[1] Ing alas, wit jabon naté ditemokaké dhuwuré nganti 45 m lan diameter luwih saka 100 cm.[1]
Bentuk tajuk kaya payung sistem percabangan muter.[1] Godhongé ora kethel, pangé lurus silindris kang apik bentuké.[1] Werna kayuné putih krèm (kuning padhang) bisa nganti kaya sawo.[1] Kayuné gampang digaringké, gampang dipaku lan di lém, ora gampang susut.[1] Kayu Jabon kerep digunakaké Industri Mebel/Furniture, Plywood/triplèk]], Korek, tatakan sepatu, Papan, Peti, bahan kertas.[1] Wit Jabon umur 5taun wis bisa dipanèn.[1]
Cara Nandur [sunting]
Wit Jabon iki gampang cara nanduré. [2] Carané yaiku gawé blumbang kang bentuké krucut lan ambané 25 Cm x dawané 25 Cm x jeroné 60 cm, banjur blumbang diisi kompos+NPK 2,5 gr (campur) kanggo rabuk ngisor.[2] Rabuk kuwi mau kanggo oyot kang dawané 30 cm, banjur rabuk kuwi kecroki nganggo kayu kanggo nglebokaké winih kang wis siap ditandur.[2] Banjur yèn wis siap, winih Jabon dicopot saka pot trus diurug lemah campur kompos kira-kira 20 cm.[2] Yèn wis banjur digaris kiwa lan tengené winih kira-kira 10 cm kanggo panggon banyu.[2]
Cara Ngrawat [sunting]
Kanggo ngrawat rutin cukup semprot nganggo [[Pèstisida] /1 utawa 2 minggu sepisan nganti 3-5 wulan, supaya godhong ora dipangan uler.[2] Sawisé godhong cukup akèh, pèstisida wis ora perlu disemprotaké manèh.[2] Amarga godhongé wis akèh lan ora bakal entèk dipangan uler.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
| Wikispecies duwé informasi ngenani |