Jènggèr
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jengger yaiku daging kang thukul ing saknduwure ndhas manuk saka golongan pitik lan sedulure saka galliformes, utamane kalkun lan pitik jawa. Jengger utamane luwih katon ing kewan lanang, werna umume abang senajan uga ana sing werna klawu enom nganti biru tuwa. Jengger kalkun bisa werna abang nganti biru.
Ing padongengan [sunting]
Ing padongengan, ana kéwan rekan kang disebut ula jengger, kang kira-kira maknane padha karo naga, senajan ukurane luwih cilik.