Kalkun
| Kalkun Temporal range: Early Miocene to Recent |
|
|---|---|
| Wild Turkey, Meleagris gallopavo | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Galliformes |
| kulawarga: | Phasianidae Gray, 1840 |
| Subkulawarga: | Meleagridinae |
| Genus: | Meleagris Linnaeus, 1758 |
| Species | |
Kalkun utawa kang biasané diarani pitik kalkun yaiku sesebutan kanggo rong golongan manuk saka kulawarga Galliformes genus Meleagris. Kalkun wadon wujudé cilik lan dhuweni werna wulu kurang apik dibandingke karo kalkun lanang. Sakjroning ana ing alam sakubengé, kalkun gampang lan misuwur saka suwiwiné kang dawané nganthi 1,5-1,8 meter. Jinising kalkun saka Amérika Lor kaebut M. gallopavo lan kalkun saka Amérika Tengah kasebut M. ocellata. kalkun kang dadi sato kéwan kanggo di jupuk dagingé kagolong ing kulawarga spesies M. gallopavo kang misuwur karan jeneng kalkun alasan (Wild Turkey). Kulawarga spesies M. ocellata yaiku kasil kekawinan saka suku Maya. Sakjroning pakembangan jaman kalkun-kalun sato kéwan lan dijupuk dagingé asalé saka kalkun suku Maya.Semana uga kalkun suku maya nduweni kapinteran lan luwih nurut tinimbang kalkun alsan saka Amérika Lor.Kalkun alasan yaiku dadi kéwan ajakan (buruan) ing Amérika Lor, lan ora kaya kalkun negri, kalkuné luwih gesit lan pinter mabur.
Bab lan Paragraf |
Dasanama kalkun [sunting]
Sepisanan kalkun ditemukake an ing tlatah Amérika, ing wong orang Eropa salah ngenali kanggo manuk Afrika Numida meleagris lan misuwur karann jeneng "pitik turki" Karana dikirim saka Eropa Tengah ngelewatiTurki. Ing basa Inggris, kalkun misuwur karan jeneng "Turkey" nganti srepéné . Kalkun kagolong genus Meleagrising basa basa Yunani kang artiné "unggas saka Guinea".
Kalkun yaiku salah siji ejaan saka basa Indonésia kanggo basa Belanda "kalkoen" kang dijupuk saka jeneng kutha Kalikut ing India.Lan pitik Belanda] nduweni sesebutan utawa jeneng basa Melayu kanggo kalkun. ing basa Denmark lan Norwegia, kalkun uga kasebut karan jeneng kalkun, utawa kalkon (basa Swedia), Kalkuun (basa Jerman hilir), kalkkuna (basa Finlandia), lan kalakuna ing basa Papiamento.
- Ing basa Nahuatl, kalkun alasan kasebut guajolote (ejaan lama: xuehxolotl).
- Ing basa Spanyol kasebut Pavo.
- Ing basa Turki kasebut hindi kang artiné "saka India." wong Prancis asring nyebut d'inde (singkatan saka basa basa Prancis poulet d'inde kang artiné "pitik saka India").
- Ing basa Katalan kasebut gall dindi (ayam India).
- Ing Basa Ibrani kasebut tarnegol hodu (תרנגול הודו), kang sacara harafiah artiné "ayam India". Sacara kebeneran, hodu (India) merupakan homonim yang juga berarti "terima kasih" (bahasa Inggris: "thanks"). Sehingga sering ada salah artine , "tarnegol hodu" dikira artine "ayam kanggo Thanksgiving".
- Ing basa Rusia kasebut indiuk (индюк), indyk sakjroning basa Polandia, utawa indik (אינדיק) ing basa Yiddish kang kabeh kuwi artiné India.
- Ing basa Malta kasebut dundjan (dibaca dondyan) kang artiné India.
- Ing basa Arab kasebut deek roumi (ديك رومي) kang artine pitik lanang Romawi utawa manu Ethiopia.
- Ing basa Portugis kasebut peru, padha jeneng negara Peru.
- Ing basa Yunani kasebut gallopoula kang artiné "manuk Perancis".
- Ing basa Bulgaria kasebut Пуйка (puijka) utawa Мисирка (misirka) kang artiné negara Mesir.
- Ing basa Gaelik Skotlandia kasebut cearc frangach kang artiné "Ayam Perancis".
- Ing basa Italia kasebut tacchino.
- Ing basa Jepang kasebut 七面鳥 (shichimenchō ayam pitu rai?) utawa 칠면조 chilmyeonjo ing basa Korea.
- Ing basa Tionghoa kasebut (火鸡) huoji karana endasé nduweni werna abang kaya werna geni
Kekawinan [sunting]
Kalkun ndhuweni kapinteran kang aneh ing nglakoni kekawinan. Semana uga ora nan kalkun lanang, kalkun wadon bisa ngasilake endhog kang norman lan bisa nètes. Anak kalkun kang isih cilik lan lara-laranan bisa dadi ciri kalkun lanang.Kahanan kaya mengkene ana ing kulawara kalkun bisa nganggu inkubasi endhog ing kandhang.[1].
Fosil kalkun [sunting]
Sak banjuré jinis-jinis kalkun saiki wis jarang (langka/punah).Kulawarga Meleagridinae asalé saka jaman Miosen lan nduweni katurunan genus Rhegminornis (jaman Miosen awal) lan Proagriocharis (jaman Miosen akhir/Pliosen awal). Fosil kalkun kang genusé ora bisa dijelentrehake tapi memper karo Meleagris lan di awalé saka jaman Miosen akhir.
Daptar kalkun kang ditemukake saka fosilé:
- Meleagris sp. (jaman Pliosen awal)
- Meleagris leopoldi (jaman Pliosen akir)
- Meleagris progenes (jaman Pliosen akir)
- Meleagris sp. (jaman Pliosen akir)
- Meleagris anza (jaman Pleistosen awal)
- Meleagris californica (jaman Pleistosen akir)
- Meleagris crassipes (jaman Pleistosen akir)
Daptar pustaka [sunting]
- Olson, Storrs L. (1985): Section VIII.H.4.d. Meleagridinae. In: Farner, D.S.; King, J.R. & Parkes, Kenneth C. (eds.): Avian Biology 8: 118-119. Academic Press, New York.
Pranala jaba [sunting]
- Video kalkun di situs web Internet Bird Collection
- Etimologi kata kalkun
Cathetan suku [sunting]
- ^ Savage, Thomas F. (September 12, 2005). "A Guide to the Recognition of Parthenogenesis in Incubated Turkey Eggs". Oregon State University. http://oregonstate.edu/Dept/animal-sciences/poultry/index.html.