Iker Casillas
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Iker Casillas Fernández | ||
| Tanggal lair | 20 Mei 1981 (umur 31) | ||
| Papan lair | Mostoles, Spanyol | ||
| Dhuwur | 1.82 m (5 ft 12 in) | ||
| Posisi pamain | Kiper | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Real Madrid | ||
| Nomer | 1 | ||
| Karir remaja | |||
| 1990–1998 1998–1999 1999–2000 |
Real Madrid Youth Real Madrid C Real Madrid B |
||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1999– | Real Madrid | 313 (0) | |
| Tim nasional‡ | |||
| 2000– | Spanyol | 87 (0) | |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 27 Maret 2008. † Appearances (Goals). |
|||
Iker Casillas Fernández (lair 20 Mei 1981) inggih menika pemain bal-balan ingkang nggadhahi posisi minangka kiper tim nasional Spanyol. Casillas dados kiper Spanyol nalika dados juara donya ing Piala Dunia 2010.[1] Samenika Casillas main ing klub LA Liga Spanyol, Real Madrid.[1] Menawi tandhing bal-balan Casillas asring dipundadosaken kapten tim. Casillas dados kapten ingkang saged paring semangat utawi panyurung dhumateng sedaya kanca lan yunioripun, saengga Spanyol saged ngrebut Piala Eropa malih sasampunipun krisis juara sadangunipun 44 taun. Ing taun 2010, nalika Spanyol dados juara dunia, Casillas ugi dipunparingi kanugrahan minangka kiper paling sae.[1] Casillas kalebet kiper paling sae ing wewengkon Eropa, lan panjenenganipun asring pikantuk kanugrahan.[1] Casillas nate angsal nominasi ing adicara Ballon d'Or. Casillas dados kiper paling sae nomer sekawan ing taun 2008, lan ing taun 2009 dados kiper paling sae ing Eropa.[1] Taun 2010, Iker Casillas angsal kanugrah ing adicara The Sport Prince of Asturias Award. Tanggal 19 Oktober 2010, Casillas dipunparingi kanugrahan minangka kiper paling sae salaminya ing ajang Liga Champions UEFA.[2]
Casillas miwiti karieripun ing klub kutha kelairanipun nalika umur 8 taun. Casillas dados pemain timnas rumaja Spanyol ingkang menangaken kajuaraan UEFA-CAF Meridian Cup lan Piala Dunia U-20 FIFA ing taun 1999.[3] Iker Casillas nggadhahi inggil 185 cm.[3] Casillas wiwit main ing klub Real Madrid ing La Liga musim 1999 /2000. Casillas mratelakaken menawi ing wekdal salajengipun panjenenganipun pengin pensiun utawi purna tugas ing tim Real Madrid, lan saged ndherek mbiyantu Real Madrid.[3]