Howard Carter
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Howard Carter | |
|---|---|
Howard Carter
|
|
| Miyos | 9 Mei 1874 Kensington, London |
| Tilar donya | 2 Maret 1939 (umur 64) Kensington, London |
| Kabangsan | Inggris |
| Bidhang | Arkeolog lan Èlmu Pengetahuan Mesir |
| Kaahlian | Pamanggihan pasaréyanipun Tutankhamun |
Howard Carter (9 Mei, 1874 – 2 Maret, 1939) punika satunggiling arkeolog sarta Egyptolog (ahli perkawis Mesir kuna) Inggris. Panjenenganipun dipunwiyosaken ing Kensington, Inggris. Panjenenganipun misuwur amargi pamanggihan pasaréyanipun Tutankhamun ingkang wonten ing Lembah Para Raja, Luxor, Mesir.