Gravitropisme
Gravitropisme yaiku gerakan anuju utawa ngadohi tarikan gravitasi bumi, yaiku geraking arah gravitasi bumi kang diarani gravitropisme positif, dene gerakan ngadohi gravitasi bumi diarani gravitropisme negatif.[1] Oyot biyasane asifat gravitropik positif.[1] Akar primer umume luwih jejeg tinimbang oyot sekunder kang kala-kala mbentuk sudut rada ndatar.[1] Oyot tersier lan oyot tingkat candhake ora asifat gravitropik babar pisan lan urip kanthi arah kang ora beraturan.[1] Dadi sistem pangoyotan nalika urip jinejeran bisa njelajahi lemah luwih amba tinimbang yen kabeh oyot urip lurus mangisor.[1] Salah siji hormon kang duweni peran ing mekanisme gravitropisme yaiku hormon auksin, kang duweni fungsi kanggo ndawakake sel oyot, yaiku nalika distribusi auksin ing sel oyot diatur dening gen-gen tertemtu ing tanduran.[2]
Watang lan pang kembang biyasane asifat gravitropil negatif, nanging responsne werna-werna banget. [1] Watang utama utawa watang wit bisane urip 180o saka pusat gravitasi bumi, dene cabang, pang godhong, rimpang, lan stolon biyasane luwih datar.[1]
Delengen uga [sunting]
Referensi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.