General Motors
| General Motors | |
| Tipe | Kabuka (NYSE: GM) |
|---|---|
| Madeg | 1908 |
| Lokasi | Detroit, Michigan; fasilitas produksi ing 30 negara bagéan A.S. lan 32 negara | |
| Tokoh wigati | Rick Wagoner, Ketua Umum & CEO |
| Indhustri | Otomotif |
| Produk | mobil mesin elektronik komunikasi |
| Pendapatan | US$207,349 milyar (2006) |
| Karyawan | 326.999 (2006) |
| Situs | www.gm.com |
General Motors Corporation (NYSE: GM), uga dikenal minangka GM, iku produsèn montor sing markasé ing Amérika Sarékat lan operasi ing saindhenging donya klebu Buick, Cadillac, Chevrolet, Daewoo, GMC, Holden, Hummer, Oldsmobile, Opel, Pontiac, Saturn, Saab, lan Vauxhall.
Divisi Chevrolet lan GMC mroduksi truk, uga kendaraan penumpang liyané. Mèrek liyané klebu ACDelco, Allison Transmission, lan General Motors Electro-Motive Division sing mroduksi lokomotif diesel-listrik. GM uga nduwèni bagéan jroning Isuzu, Subaru, lan Suzuki ing Jepang lan joint venture karo AutoVAZ (Lada) ing Rusia. Sasi Desember 2003, GM nuku Delta ing Afrika Kidul, sing saiki dadi anak perusahaan sing diduwèni penuhdéning General Motors Afrika Kidul.
Markas GM dumunung ing Renaissance Center ing Detroit, Michigan.