Garrett Augustus Morgan
| Garrett Augustus Morgan | |
|---|---|
Garrett Augustus Morgan |
|
| Lair | 4 Maret 1877 Paris, Kentucky |
| Tilar donya | 27 Agustus 1963 (umur 86) Cleveland, Ohio |
| Jeneng liya | Big Chief Mason |
| Pagawéyan | Inventor, Entrepreneur |
| Dikawruhi amarga | Inventor of a type of traffic signal and a respiratory protective hood |
Garret Augusust Morgan yaiku penemu lampu lalu lintas. [1]Sadurunge panemone Morgan digunanake, wis ana model lampu lalu lintas.[1] Wiwit taun 1868, lampu lalu lintsa mulai digunakake ing prapatan-prapatan kutha London lan Inggris.[1] Lampu kang digunakake yaiku rong werna, werna abang minangka tandha kendharaan mandeg, lan ijo minangka mlaku[1]Piranti iki dilakokakek manual dening polisi kang duweni tugas ing simpangan kanthi gunakake lampu gas. [1]
Nalika lampune werna abang malih dadi ijo utawa sewalike, kaatur dening petugas kang adhedhasar jam kang digawa. [2]Nalika kuwi, dudu ngatur mobil nanging ngatur dokar kang cacahe akeh. [2]Nalika tanggal 2 Januari 1869, lampu lalu lintas mau bledos lan nglarani petugas kang lagi ngopraseake. [2]Kedadeyan mau dadekake pemikiran ngenani piranti pengatur lalu lintas kang luwih canggih. [2]Taun 1920, Garrettt Augustus Morgan kasil anggone nindakake percobaan rangkean elektronika kanggo nguripake lampune sacara otomatis.[2] Panemon kuwi minangka sumbangan gedhe tumrap transportasi dharat. [2]Panemon iki kawiwitan dipasang ing Claveland, Ohio, Amerika Serikat.[2] Lampu lalu lintas gaweane Morgan mau kaya hurup T kanthi telung sudut. [2]Saben-saben sudut ateges mandeg, mlaku, lan kendharaan saka kabeh arah kudu mandeg.[2] Ing perkembangane, sudut-sudut mau diganti dening werna abang, kuning, lan ijo nganti saiki. [2] Morgan entuk hak paten saka pemerintah Amerika Serikat ngenani panemone nalika tanggal 20 November 1923.[2] Nanging, hak cipta Morgan pungkasne dituku dening ‘’General Electric Corporation’’ kanthi rego 40 ewu dolar Amerika Serikat. Morgan lair ing Kentucky, Amerika, tanggal 4 Maret 1877.[2] Nalika umure ngancik 14 taun, dheweke kepeksa di drop out saka sekolah.[2] Nanging, dheweke tetep temen anggone ngasilake sawijining piranti kang migunani tumrap umat manungsa.[2] Saliyane nemokake lampu lalu lintas, Morgan uga nemokake masker gas kang digunakake petugas kobongan lan tentara ing Perang Dunia 1.
Cathetan suku [sunting]
Pranala njaba [sunting]
- (en) Garrett A. Morgan: Affordable Gas Masks. PBS
- (en) About Morgan Education.dot.gov
- (en) The Encyclopedia of Cleveland History - Waterworks Disasters
- (en) Images from Morgan's patents
- (en) The Encyclopedia of Cleveland History - biography
- (en) Profile of Garrett Morgan - The Black Inventor Online Museum
- (en) Biography of Morgan from IEEE