F-15 Eagle
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 73 dinten 1196 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| F-15 Eagle | |
|---|---|
| F-15 Angkatan Udara Arab Saudi. | |
| Tipe | Pesawat tempur superioritas udara |
| Produsen | McDonnell Douglas Boeing IDS |
| Pisanan mabur | 27 Juli 1972 |
| Dikenalaké | 9 Januari 1976 |
| Pemakai | Amerika Serikat Israel Jepang Arab Saudi |
| Rega satuan | US$29,9 juta {1998} |
| Varian | F-15E Strike Eagle F-15S/MTD F-15SE Silent Eagle |
F-15 Eagle yaiku pesawat tempur taktis ing kabèh cuaca kang dirancang kanggo nggawé lan mempertahanaké superioritas udara sajroné pertarungan ing langit. Pesawat iki dikembangaké kanggo Angkatan Udara Amerika Serikat, lan pertama kali mabur nalika Juli 1972. F-15E Strike Eagle yaiku variané kang arupa pesawat tempur serang kang mulai dienggo ing taun 1989. Angkatan Udara Amerika Serikat ngrencanakaké kanggo tetep migunakaké F-15 nganti taun 2025.[1]
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
Nalika Perang Korea, pesawat tempur Amerika Serikat kang isa ngalahaké pesawat tempur MiG-15 Soviet amung F-86 Sabre. Banjur ing taun 1965, komunitas pesawat tempur dikejutké dening remuké pesawat-pesawat modern F-105 Thunderchief dening MiG-17 éra pasca-Perang Korea, nalika Perang Vietnam. Intelijen Angkatan Udara Amerika Serikat banjur ngertèni yèn Uni Soviet lagi nganakaké tahap pengembangan pesawat tempur kang luwih gedhé, kang dijenengi MiG-25. Nalika Perang Vietnam, pesawat kang nduwèni persenjataan, jarak jangkau, lan kelincahan kang cukup kanggo ngalahaké pesawat tempur gawéyan Soviet amung F-4 Phantom II. Ananging, pesawat iki isih nduwèni akèh kelemahan.
Angkatan Udara AS butuhaké pesawat kang luwih apik saka F-4 Phantom. Sakwisé nolak program VFX Angkatan Laut AS (kang akhiré ngasilaké F-14 Tomcat), Angkatan Udara AS nggawé program déwéké déwé, yakuwi FX (Fighter Experimental), kanti spesifikasi kanggo pesawat tempur superioritas udara kang relatif ènthèng. Telu perusahaan nyerahaké proposal, yakuwi Fairchild Republic, North American Rockwell, lan McDonnell Douglas. Angkatan Udara AS ngumumké yèn déwéké wis milih McDonnell Douglas ing tanggal 23 Desember 1969. Disain kang kapilih migunakaké swiwi buntu dobel meh padha karo F-14, ananging ora migunakaké swiwi lipat.
Versi paling pertama, kang wènèhi jeneng F-15A kanggo varian kursi tunggal lan F-15B kanggo varian kursi dobel, diobahaké dening mesin kang anyar, Pratt & Whitney F100, kang isa nganti perbandingan dorongan karo bobot rasio 1 banding 1. Meriam tanpa selongsong 25 mm Ford-Philco GAU-7 kang awalé dikembangaké kanggo pesawat iki dibatalaké amerga ana masalah pengembangan, lan diganti meriam M61 Vulcan standar. F-15 juga nerusaké panganggoan papat rudal Sparrow, padha kaya Phantom.[2]
Spesifikasi (F-15C Eagle) [sunting]
Karakteristik umum [sunting]
- Kru : 1
- Dawa : 63,8 ft
- Dawa Swiwi : 42,8 ft
- Duwur : 18,5 ft
- Amaba swiwi : 608 ft
- Bobot kosong : 28.000 lb
- Bobot terisi : 44.500 lb
- Bobot maksimum lepas landas : 68.000 lb
- Mesin : 2 unit Pratt & Whitney F100-100,-220, atau -229 turbofan
- Dorongan kering : 17.450 lbf masing-masing
- Dorongan kanti pembakar lanjut : 25.000 lbf untuk -220; 29.000 lbf untuk -229 masing-masing
Kinerja [sunting]
- Kecepatan maksimum : Mach 2,5 (3.018 km/jam)
- Jarak jangkau terjauh : 3.000 nm dengan bahan bakar eksternal
- Batas ketinggian maksimum penerbangan : 65.000 ft
- Laju panjat : >50.000 ft/min
- Beban swiwi : 73,1 lb/ft²
- Dorongan/berat : 1,12 (-220), 1,30 (-229)
Persenjataan [sunting]
- Cannon : 1 unit cannon M61A1 Vulcan kaliber 20 mm, 940 butir peluru
- Titik keras : 4 sayap, 4 badan, 2 stasiun swiwi, stasiun tengah kanti kapasitas 7.300 kg
- Rudal : AIM-7F Sparrow, AIM-120 AMRAAM, AIM-9 Sidewinder
Cayhetan Sikil [sunting]
- ^ Making the Best of the Fighter Force, Air Force magazine, Maret 2007.
- ^ Pesawat, (Kaunduh 24/11/12).
Deleng Uga [sunting]
Pranala Njaba [sunting]
- Berkas fakta F-15 Eagle Angkatan Udara AS
- Sejarah F-15 Eagle di situs Boeing.com
- F-15 Eagle di situs GlobalSecurity.org
- F-15 Eagle di situs on Aerospaceweb.org
Cithakan:McDonnell Douglas military aircraft Cithakan:Pesawat militer-stub