Enthung
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Enthung saka Kupu johar
Enthung yaiku sawijining kahanan saka uripé kéwan jinis srangga kang ngalami metamorfosis jangkep yaiku embrio utawa endhong, larva, enthung, lan diwasa. Nalika dadi enthung wujud awaké srangga wis mulai mawujud, lan wujud larva wis ilang. Enthung ora obah sesil lan ana uga kang inaktif. Enthung biyasané dibungkus wadhah kayadéné kokon (tuladha enthung uler sutra, omah tawon utawa cangkang).[1] Lan asring memba supaya ora dipangan kéwan liya.