Elizabeth saking Rusia
| Elizabeth | |
|---|---|
| Lukisan foto gawéan Charles van Loo | |
|
|
|
| Pamaréntahan | 6 Desember 1741–5 Januari 1762 (20 taun, 30 dina) |
| Panobatan | 6 Maret 1742 |
| Didhisiki | Ivan VI |
| Pangganti | Peter III |
| Spouse | Alexey Razumovsky |
| House | Dinasti Romanov |
| Bapa | Peter I dari Rusia |
| Ibu | Catherine I dari Rusia |
| Miyos | 29 Desember 1709 Kolomenskoye |
| Tilar donya | 5 Januari 1762 (umur 52) |
Yelizaveta (Yelisavet) Petrovna (Basa Rusia: Елизаве́та (Елисаве́т) Петро́вна) (29 Desember 1709 – 5 Januari 1762), utawi Elizabeth saking Rusia, punika ratu Rusia (1741 – 1762) ingkang ngasta negarinipun wonten ing salebeting Perang Pewaris Austria (1740 – 1748) lan Perang Pitung Taun (1756 – 1763). Pulitik lebet-negarinipun ngidinaken para bangsawan dados dominan ing pamaréntahan lokal kanthi nyendhakaken mangsa pelayanan dhumateng negari. Panjenenganipun nyurung madegipun Universitas Moskwa déning Mikhail Lomonosov lan madegipun Akademi Seni Imperial déning Ivan Shuvalov ing St. Petersburg. Panjenenganipun ugi nelasaken artos kathah kanggé proyèk agung barok saking arsitek favoritipun, Bartolomeo Rastrelli, utaminipun ing Peterhof lan Tsarskoye Selo. Kedhaton Mangsa Asrep lan Katedral Smolny minangka patilasan utami saking mangsa pamaréntahanipun ing St. Petersburg. Ratu Elizabeth minangka salah satunggilipun monarki Rusia ingkang paling dipuntresnani déning rakyatipun amargi mboten ngidinaken tiyang Jerman mengku jabatan wonten ing salebeting pamaréntahan lan mboten wonten setunggal kémawon tiyang ingkang dipun patrapi ukum pati ing mangsa kakuwasanipun.