Elio de Angelis
Elio de Angelis (lair ing Roma, Italia, 26 Maret 1958 – tilar donya ing Marseille, Prancis, 15 Mei 1986 kanthi yuswa 28 taun) yaiku pembalap Formula Siji saka Italia kang main antarané taun 1979 nganti tekan taun 1986, kanthi mbalap kanggo tim Shadow, Lotus, lan Brabham.[1] Dhèwèké mati nalika tèsting ing sirkuit Paul Ricard ing Le Castellet taun 1986. Elio iku pembalap kompetitif lan misuwur amarga sifaté kang sumanak ing awal dékade 1980-an. Dhèwèké kerep banget diarani "pembalap paling sumanak pungkasan ing ajang F1".[2]
De Angelis ing Roma. Bapake Giulio pembalap motorboat kang misuwur. Dhèwèké menangaké Kajawaran Formula Telu Italia ing taun 1977. Ing taun 1978 dhèwèké mèlu balapan ing Formula 2 kanggo tim Minardi lan banjur kanggo Tim Inggris ICI F2. Dhèwèké uga mèlu kompetisi ing salah siji puteran kajawaran Formula Siji Inggris lan menangaké perlombaan prestious F3 Monako.
Debut musim F1e ing taun 1979 barengan karo Shadow. Dhèwèké ngrampungaké 7 ing Grand Prix pisanané ing Argentina lan ditutup 15 ing kajawaran kanthi poin 3. Ing taun 1980 dhèwèké pindhah ing Lotus lan - ing umur 21 - arep dadi pemenang Grand Prix paling enom sadawané mangsa nalika dhèwèké main ing Grand Prix Brasil 1980 ing Interlagos.
Asil Formula One World Championship [sunting]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ (en)www.f1technical.net 20 taun wiwit patiné Elio de Angelis
- ^ (en)www.eliodeangelis.info Elio de Angelis Paul Richard