E-wayang
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
E-wayang menika wayang kang sedaya prosès pendamelanipun ngginakan sarana lan fasilitas digital (piranti alus) kanggé mbangun bagéyan ingkang mbentuk wujud e-wayang, kalebet ugi ing sajroning pagelaran wayang ngginakaken sarana komputer. Sedaya prosès menika miturut prosès digital, saéngga dados wujud wayang ingkang wonten ing format-format digital lan saged dipun sajèkaken dados pagelaran digital kanthi program komputer.
Lairipun e-wayang menika dipun titi kaliyan sengkalan:
- Sengkalan adhedhasar taun jawa Netra(2) Suci(4) Ambabah(9) Jagad Maya(1), nunjuk taun 1942 taun Jawa
- Sengkalan adhedhasar taun Masehi Dewa(9) Ngulandara(0) ing Awang-awanging(0) Netra(2) nunjuk taun 2009 Masehi
Sengkalan menika sampun dipun ripta wayang digital Ismaya, déwa ingkang ngulandara ing jagad kanggé nemong trah witaradya.
[sunting] Mangga mirsani
[sunting] Pranala njawi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.