Donor getih

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Proses donor getih.

Donor getih yaiku proses kanggo nyumbang getih kang sukarila dijupuk getihé kanggo disimpen ing bank getih, lan sawektu-wektu bisa dianggo transfusi getih.

Kanggo ngutamakake pentingé anané getih saka kasil sumbangan, Palang Merah Australia nuturake 80% wong Australia bisa mbutuhake getih saka asil sumbangan, sajroning uripé nang donya kanggo transfusi. Nyatané ing tlatah Australia, 3% wong kang nyumbang getih saben tauné. Miturut palang merah ing Amérika Sarékat, 97% wong kenal wong liyané kang mbutuhake transfusi getih. Lan miturut survai ana ing Kanada, 52% wong Kanada pada wis tau ditransfusi getih utawa wis padha kenal karo wong kang donor kuwi.

Donor getih biasané dilakoni kanthi rutin ing pusat donor getih lokal utawa uga bisa ana ing kantor PMI dhaérah. Lan saben wektu, bisa uga ana acara donor getih, ing panggonan kang ramé, kayata ana ing pasar,kantor, sekolah,universitas utawa panggonan kanggo ngibadah kaya masjid, greja, wihara, lan sakpanunggalipun. Ing acara iki para pendonor bisa donor lan nyempatake téka karan panggonan kang wis ana lan disiapake.Kang luwèh becik maneh pendonor tansah aduh-aduh lunga lan ora usah nganggo perjanjian karana wis disiapake tempat kanggo donor.Donor Getih kang becik ing manungsa, saben télung sasi sepisan (3 bulan).Golongan getih kang ana ing manungsa yaiku golongan A, Golongan AB, Golongan B, lan Golongan O.

[sunting] Pranala jaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Donor_getih&oldid=648513"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès