Dom jait
Dom jait yaiku piranti arupa dom kanggo jait kang wujudé lenceng lan pucuké lancip, kang nduwèni mata dom kanggo bolongan lumebuné bolah.[1] Dom jait ana kang nggunakaké karo tangan lan uga ana kang karo mesin.[2]. Dom jait uga ana manéka ukuran lan werna.[3] Ana ukuran dom kang cilik, sedhengan lan gedhe.[4] Uga ana werna dom kang biasa lan ana werna dom jait emas.[5]
Bab lan Paragraf |
Sajarah Dom Jait [sunting]
Dom jait iku sepisan digawé saka balung, luwih saka 17.000 taun lawasé karo wong barat Eropa lan Tengah Asia.[6] Wektu abad 20, luwih saka 20 sing dilakoni kanggo gawe wujud-wujud dom jait, kanggo tangan lan mesin. [6] Dom jait terus digawe loro bebarengan, saka kawat baja. [6] Kawat dilencengake lan ditugel padha dawané loro. [6] Saka prosesé digiling, dibentuk nang pucuké rong panggonan.[6] Nganggo grinda, dom diuripaké nganti titiké apik.[6]
Jinis-jinis Dom [sunting]
- Dom Pentol yaiku dom sing ana pentolé ing sawijiné pucuké.[7] Dom pentol kanggoné yaiku mbiyantu nggawé pola kang ukurané wis ditamtukaké padha karo ukuran kain kang arep dijait.[8]
- Dom Obras yaiku dom sing mliginé digunakaké kanggo mesin obras.[9] Dom obras pasangané bolah obras kanggoné ngepasaké bagiyan-bagiyan kain kang padha karo ukuran jaitané. [9]
- Dom Jait Mesin yaiku dom sing digunakaké mliginé kanggo mesin jait.[9]
- Dom Rajut yaiku dom sing digunakaké kanggo ngajut busana karo tangan utawa mesin rajut.[9] Kain rajut luwih awis(larang) tinimbang kain tenun.[9]
- Dom Sulam yaiku dom sing mliginédigunakaké kanggo bordir utawa suji busana.[10]
Deleng uga [sunting]
Cathetan suku [sunting]
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-331490-jarum.html (diundhuh tanggal 9 Agustus 2011)
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-331490-jarum.html (diundhuh tanggal 3 September 2011)
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-331490-jarum.html (diundhuh tanggal 7 Oktober 2011)
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-331490-jarum.html (diundhuh tanggal 3 September 2011)
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-331490-jarum.html (diundhuh tanggal 3 September 2011)
- ^ a b c d e f (id)http://translate.google.co.id/translate?hl=id&langpair=en%7Cid&u=http://www.historyofquilts.com/needle.html (diundhuh tanggal 6 Agustus 2011)
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-331490-jarum.html (diundhuh tanggal 9 Agustus 2011)
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-331490-jarum.html (diundhuh tanggal 28 September 2011)
- ^ a b c d e f (id)http://bahasa.cs.ui.ac.id/kbbi/kbbi.php?keyword=jahit&varbidang=all&vardialek=all&varragam=all&varkelas=all&submit=tabel (diundhuh tanggal 18 Agustus 2011)
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-331490-jarum.html (diundhuh tanggal 18 Agustus 2011)