Daging asu
Daging asu utawa daging anjing iku daging sing diproduksi saka asu sing disembelèh. Saliyané dadi kéwan klangenan sing diingu, asu uga isih dibudidayakaké minangka sumber protéin ing sawetara papan ing donya. Ing negara-negara sing nyayangi asu minangka kéwan ingon, mangan daging asu iku tindakan tabu lan nglawan tata krama. Dadi konsumsi daging asu biyasané olèh kecaman keras. Ing agama Islam, mangan asu iku dianggap haram, amerga asu iku kéwan karnivora.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Situasi ing donya
Daging asu dikonsumi ing saindenging donya.
[sunting] China
Ing Tiongkok dharatan, daging asu wis dikonsumsi wiwit jamané Kong Hu Cu.
[sunting] Indonésia
Senadyan dilarang agama Islam, ing sawetara papan ing Indonesia, daging asu ya dipangan minangka sumber protéin. Ya terang-terangan utawa meneng-menengan. Nanging ya biyasané dilakoni ing tlatah sing mayoritas pedunungé dudu wong Muslim, utawa akèh wong Muslim abangan.
Ing Sulawesi Lor, ing Manado lan Minahasa, daging asu ditepungi mawa jeneng "RW" (dibawa: èrwé, cekakan saka "rintek wuuk" sing ing basa Tombulu tegesé wulu alus). Masakan Batak uga nepungi masakan daging asu, senadyan daging asu dudu panganan populèr ing pawon Tapanuli.
Ing Jawa Tengah daging asu biyasané diarani "daging jamu" mawa istilah eufemisme. Sate asu mula diarani sate jamu lan tongsèng asu diarani "sèngsu".
[sunting] Koréa
Ing Koréa daging asu iku populèr dikonsumsi. Ing kono daging iki diarani gaegogi.
[sunting] Taiwan
Daging asu ing basa Minnan utawa basa China Taiwan istilah resminé 狗肉 káu-bah. Nanging biyasané diarani mawa istilah eufemismené 香肉 xiāng ròu ing basa Mandarin sing tegesé "daging arum". Biyasané daging asu dipangan nalika musim atis, nanging saiki saya langka amerga akèh diprotès wong.
[sunting] Viètnam
Ing Viètnam, daging asu uga dikonsumsi, biyasané ing musim adem. Sing mangan biyasané namung para lanang waé.