Cuwèran awak
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Cuwèran awak ( Basa Indonésia: cairan tubuh, Basa Inggris: interstitial fluid, tissue fluid, interstitium) iku cuwèran suspensi sèl ing jero awak makhluk multisèlular kayadéné manungsa utawa kéwan sing nduwèni fungsi fisiologis tinamtu. Cuwèran awak minangka komponèn wigati tumrap fluida ekstraselular, kalebu plasma getih lan fluida transelular. Cuwèran awak bisa ditemokaké ing spasi jaringan (Basa Inggris: tissue space, interstitial space).
Rata-rata sadéngah wong merlokaké watara 11 liter cuwèran awak kanggo nutrisi sèl lan pambuwangan residu jaringan awak. Kaluwihan cuwèran awak dwetokaké liwat uyuh. Kakurangan cuwèran awak nyebabaké wong ngelak lan tundoné ngalami dehidrasi.
Conto cuwèran awak ya iku:
- Getih lan plasma getih
- Sitosol
- Zalir serebrospinal
- Korpus vitreum utawa humor vitreous
- Serumen
- Humor aqueous
- Cuwèran limfa
- Cuwèran pleura
- Cuwèran amnion