Menyang kontèn

Bomanarakasura

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Boma Narakasura iku sajatiné putrané Bathara Wisnu patutan karo Bathari Pertiwi, putriné Sang Hyang Nagaraja, déwaning naga kang mapan ing Kahyangan Sumur Jalatunda. Nalika isih mudha tumaruna asmané Radèn Suteja iya Setija. Wujudé wayang, satriya bambangan bagus lan alus. Radèn Setija duwé kadang taruna tunggal rama-ibu, jenengé Dèwi Siti Sendari (Siti Sundari).

Ngupadi sudarma

[besut | besut sumber]

Bareng wis diwasa, Radèn Setija pamit marang ingkang éyang Sang Hyang Nagaraja dalah ingkang ibu, Dèwi Pertiwi saperlu arep ngupadi sudarmané. Déning Sang Hyang Nagaraja, Setija diparingi priksa manawa ingkang rama iku déwa ing Kahyangan Untarasegara bebisik Bathara Wisnu. Nanging wektu iku, Bathara Wisnu wis manitis ana anggané nata Dwarawati, Prabu Sri Bathara Kresna. Mula déning ingkang éyang Sang Hyang Nagaraja, Setija banjur didhawuhi ngawu-awu sudarmané ing nagara Dwarawati.

Minangka tandha bukti yèn Setija iku isih putrané Bathara Wisnu banjur diparingi pusaka Kembang Cangkok Wijayamaya (Wijayamulya). Pusaka iku mbiyèn kagungané Bathara Wisnu kang daya khasiaté bisa kanggo nguripaké wong kang mati nanging isih ana sajabané garising pepesthèn (takdir).

Setija banjur budhal saka Kahyangan Sumur Jalatundha saperlu ngupadi sudermané. Tekan padharatan, Setija péngin nyoba kasektèné pusaka kembang Cangkok Wijayamaya. Ing kono Setija weruh ana "ancak" (nam-naman saka bambu kang dianggo wadhah sesajèn) nuli diungkuli kembang saéngga bisa salah kedadèn dadi buta (raksasa) kang banjur kaparingan praceka (jeneng) Ditya Ancakogra. Semono uga bangkéné manuk Dara (basa Indonésia:bangkai merpati) diungkuli kembang sanalika malih dadi buta aran Ditya Maudara, bathangé kethèk malih dadi Ditya Yayahgriwa, lan sapituruté. Ing tembé, kabèh buta-buta iku dadi balané Raden Setija.

Nalika wis tumeka ana Dwarawati banjur nyuwun diaku putra déning Prabu Sri Bathara Kresna. Prabu Kresna uga ora kabotan waton Setija bisa ngalahaké nata ing Trajutrisna iya Surateleng kang awujud raseksa jenengé Prabu Bomanthara kang ngraman ana kahyangan Suralaya.

Sadurungé maju ana paprangan, Setija dijedhi (dijenang) ing kawah Candradimuka kanggo ngembari kadigdayané Prabu Bomantara. Amarga dijedhi ora mati, Bathara Guru banjur paring tambahan jeneng Narakasura lan diparingi ngampil pusaka Cis Jaludara kanggo nandhingi pusakané Prabu Bomantara aran Kiai Garugiling. Wasana Setija bisa ngasoraké yudané Prabu Bomantara, srana ditamani pusaka cis Jaludara, pusakané Bathara Guru. Prabu Bomantara sirna margalayu, sukmané manjing ing ragané Setija. Rèhné kapanjalman yitmané Prabu Bomantara, Setija uga sangsaya digdaya, nanging wataké uga banjur malih dadi angkara murka.

Jumeneng nata

[besut | besut sumber]

Sasirnané Prabu Bomantara, Setija uga banjur diaku putra déning Prabu Sri Bathara Kresna lan banjur dililani jumeneng nata ing nagara Trajutrisna iya Surateleng kanthi jejuluk Prabu Setija Bomanarakasura. Patihé wujud buta, aran Patih Pancatnyana.

Saterusé pusakané Prabu Setija kang aran kembang Cangkok Wijayamaya uga banjur disuwun déning Prabu Kresna saperlu diblengketaké karo Kembang Wijayakusuma.

Garwané Prabu Setija iku cacah loro, ya iku siji, Dèwi Agnyanawati (kang banjur direbut karo adhiné kuwalon, Samba Wisnubrata), loro, Dèwi Mustikawati kang banjur peputra Radèn Kismaka.

Pralaya

[besut | besut sumber]

Prabu Setija iku sajati pancèn digdaya jalaran duwé aji Pancasonya Wreksaning Bhumi, mula Setija ora bakal bisa mati yèn isih kambah lemah (bhumi). Sanadyan mangkono, kabèh makhuk iku duwé sipat apes. Setija uga bisa disirnakaké kanthi ditibani pusaka Senjata Cakra déning ramané piyambak, Prabu Kresna, jalaran wani nyirnakaké Samba kanthi dijuwing-juwing (disebit-sebit) lan wis gawé lingsemé Arjuna. Kuwandhané Prabu Setija Bomanarakasura kang wus ketaman Senjata Cakra lan kumleyang ing akasa banjur disaut déning Gathotkaca lan dipapanaké ana anjang-anjang kencana (kang dumadi saka pusakané Setija aran Gamparan bungkul Kencana lan topeng waja agemé Gathutkaca ing lakon rebutan Kikis Tunggarana). Temah Prabu Setija tumekaning pati.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]