Bandhar udhara
Bandhar udhara, pelabuhan udhara utawa dicekak bandhara iku sawijining fasilitas kanggo montor mabur bisa mabur lan ndharat. Bandhar sing paling prasaja minimal nduwèni siji landhas pacu nanging bandhara-bandhara gedhe biasané dipepaki manéka fasilitas liya, kanggo untuk operator layanan pamaburan lan para penumpang.
Miturut Annex 14 saka ICAO (International Civil Aviation Organization): Bandhar udhara iku area tinamtu ing dharatan utawa perairan (klebu bangunan, instalasi lan peralatan) kanggo kerawuhan, kebrangkatan lan mobahing montor mabur.
Déné dhéfinisi bandhar udhara miturut PT (persero) Angkasa Pura iku "lapangan udhara, klebu kabèh bangunan lan alat-alat sing dadi kalengkapan minimal kanggo njamin anané fasilitas tumrap angkutan udhara kanggo masyarakat".