Bambi
| Bambi | |
|---|---|
| Gambar:Theatrical2.jpg Poster layar jembar |
|
| Sutradara | David Dodd Hand |
| Produser | Walt Disney |
| Panulis | Felix Salten (buku) Larry Morey Perce Pearce Gustaf Tenggren |
| Paraga | Bobby Stewart Donnie Dunagan Hardie Albright John Sutherland Paula Winslowe Peter Behn Tim Davis Sam Edwards Will Wright Cammie King Ann Gillis Fred Shields Stan Alexander [Sterling Holloway |
| Musik déning | Frank Churchill Edward H. Plumb |
| Distributor | RKO Radio Pictures |
| Tanggal rilis | 13 Agustus 1942 |
| Durasi | 70 menit |
| Negara | |
| Basa | Inggris |
| Anggaran | Lebih 2.000.000 dolar AS[1] |
| Sekuel | Bambi II (2006) |
Bambi iku sawijining film animasi saka Amérika Sarékat diprodhuksi Walt Disney lan dirilis ing bioskop déning RKO Radio Pictures tanggal 13 Agustus 1942. Film iki dadi film kaping 5 ing sérial film animasi klasik Walt Disney. Critané diangkat saka buku Bambi, A Life in the Woods déning pengarang Austria Felix Salten.
Tokoh utamané kidang abuntut putih (Odocoileus virginianus) aran Bambi, wong tuwané (sang bapak aran Great Prince of the Forest, lan sang ibu ora disebutaké jenengé), kanca-kanca Bambi kayata Thumper (truwèlu irung jambon), Flower (sigung), lan Faline, kanca mangsa cilikan sekaligus pasangané img dina mburi. Jroning film, Disney ngowahi paraga Bambi dadi kidang abuntut putih. Alesané, "kidang roe" ora ana ing Amérika Sarékat, lan wong Amérika luwih kenal kidang abuntut putih. Film iki antuk 3 nominasi Academy Award kanggo tata swara paling apik, lagu pang apik kanggo "Love Is a Song", lan musik asli paling apik.
Paraga: Bobby Stewart, Donnie Dunagan, Hardie Albright, John Sutherland, Paula Winslowe, Peter Behn, Tim Davis, Sam Edwards, Will Wright, Cammie King, Ann Gillis, Fred Shields, lan Stan Alexander mèlu ngisi swara film iki. Sekuel film iki, Bambi II, dirilis ing taun 2006.
Sasi Juni 2008, American Film Institute ngumumaké "10 Top 10" sing isi 10 film paling apik Amérika ing antara 10 genre film "klasik". Peringkat kasebut asal saka survé 1.500 wong saka kalangan komunitas kreatif. Bambi ana ing peringkat katelu jroning genre animasi.[2]
Referensi
- ↑ Kevin Jackson 'Tears of a fawn', The Independent, February 6, 2005.
- ↑ Top 10 Animation. AFI's 10 Top 10. URL diaksès tanggal 7 Desember 2008