Arnhem

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gemeente Arnhem
VlagArnhem.gif WapenArnhem.jpg
Gendéra Arnhem Lambang Arnhem

LocatieArnhem.png

Arnhem ing Walanda

Katrangan cekak
Provinsi: Gelderland
Jembar: 98,25 km²
Pedunung: 145.417 (31 Desember 2008)
Situs wèb resmi: http://www.arnhem.nl
Pulitik
Burgemeester (Walikutha): Pauline Krikke

Arnhem (Jerman Arnheim) iku sawijining gemeente ing provinsi Gelderland, Walanda. Kutha iki ibukutha provinsi Gelderland lan kutha sing gedhé dhéwé nomer loro sawisé Nijmegen. Kutha Arnhem iku papané ana saloré lan sakidulé kali Rijn. Arnhem nduwé pedunung resmi 145.417 jiwa (per 31 Des. 2008).

Bab lan Paragraf

[sunting] Étimologi

Arnhem iku asalé saka jeneng Arneym lan jeneng iki asalé saka tembung heem (omah) lan Arn utawa Aro. Tembung pungkasan iki sangkané saka basa Germanik arnu (manuk rajawali). [1] Dadi tegesé "omah para manuk rajawali".

[sunting] Latar wuri

Provinsi Gelderland sing papané ana ing wétané Walanda iku salah sijining saka 12 provinsi Walanda lan salah siji sing gedhé ambané wilayahé. Provinsi iki ing taun 2008 dipérang dadi 56 gemeente. Ing Walanda gemeente iku pérangan administratif sangisoring provinsi. Dadi provinsi iku antara negara lan gemeente.

Jaman mbiyèn kabèh panggonan iku uga gemeente ing Walanda. Saka désa cilik nganti ibu kutha. Nanging saiki wis ora mengkono manèh. Akèh panggonan sing digabung dadi siji supaya olèh gemeente sing ukurané sedheng.

[sunting] Liya-liya

Trolleybus ing Arnhem

Arnhem iku siji-sijiné kutha ing Walanda sing ngoperasèkaké dines trolleybus. Trolleybus iku campuran antara trèm lan bus. Dadi bus sing mlaku mawa daya listrik.

[sunting] Cathetan sikil

  1. Nederlandse plaatsnamen: herkomst en historie. G. van Berkel en K. Samplonius

[sunting] Uga delengen

[sunting] Pranala jaba


 
Gemeente ing provinsi Gelderland
Gendéra provinsi Gelderland

Aalten · Apeldoorn · Arnhem · Barneveld · Berkelland · Beuningen · Bronckhorst · Brummen · Buren · Culemborg · Doesburg · Doetinchem · Druten · Duiven · Ede · Elburg · Epe · Ermelo · Geldermalsen · Groesbeek · Harderwijk · Hattem · Heerde · Heumen · Lingewaal · Lingewaard · Lochem · Maasdriel · Millingen aan de Rijn · Montferland · Neder-Betuwe · Neerijnen · Nijkerk · Nijmegen · Nunspeet · Oldebroek · Oost Gelre · Oude IJsselstreek · Overbetuwe · Putten · Renkum · Rheden · Rijnwaarden · Rozendaal · Scherpenzeel · Tiel · Ubbergen · Voorst · Wageningen · West Maas en Waal · Westervoort · Wijchen · Winterswijk · Zaltbommel · Zevenaar · Zutphen

Walanda | Daftar provinsi Walanda | Daftar Kutha Walanda
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Arnhem"