Ahmed Ouyahia
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Ahmed Ouyahia
أحمد أويحيى |
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 23 Juni 2008 |
|
| Pejabat sadurungé | Abdelaziz Belkhadem |
| Mangsa jabatan 5 Mei 2003 – 24 Mei 2006 |
|
| Pejabat sadurungé | Ali Benflis |
| Pengganti | Abdelaziz Belkhadem |
| Mangsa jabatan 31 Desember 1995 – 15 Desember 1998 |
|
| Pejabat sadurungé | Mokdad Sifi |
| Pengganti | Smail Hamdani |
|
|
|
| Lair | 2 Juli 1952 (umur 60) Bouadnane, Tizi Ouzou, Aljazair |
| Partai pulitik | Rassemblement National Démocratique (RND) |
Ahmed Ouyahia (basa Arab: أحمد أويحيى, Ahmad Uyahya) (lair 2 Juli 1952) iku pulitisi saka Aljazair kang njabat Perdhana Mentri Aljazair wiwit 23 Juni 2008. Dhèwèké uga njabat posisi sing padha ing 1995-1998 lan 2003-2006.[1] Minangka diplomat karir, Ahmed Ouyahia uga pernah njabat Mentri Kehakiman, lan salah sijining wong sing ngadegaké lan dadi présidhèné partai Rassemblement National Démocratique (RND). Déning pemantau pulitik Kulon, Ahmed Ouyahia dianggep raket karo klompok militèr Aljazair, lan dhèwèké kalebu golongan/fraksi éradicateurs kang numpas lawan-lawan pulitiké saka golongan militan Islam kayata Front Islamique du Salut (FIS) lan Groupe Islamique Armé (GIA) jroning perang sedulur Aljazair taun 1990-an.[2]
Réferènsi[sunting]
- ^ (fr)Bio express : Ahmed Ouyahia. Jeune Afrique. 9 June 2009.
- ^ (en)Naylor, Phillip Chiviges (2006). Historical Dictionary of Algeria. Rowman & Littlefield. pp. 376–77. ISBN 0-8108-3136-8. http://books.google.com/books?id=akGIpgEV-D4C.