Abu Bakar Al-Razi
Abu Bakar Al-Razi yaiku salah sawijining pakar sains. [1] Jeneng lengkapé yaiku Abu Bakar Muhammad ibn Zakaria Al-Razi. [1]Ing Barat, Al Razi dikenal kanthi aran Rhazes. [1]Al-Razi lair ing Rayy, cedhake Teheran, Iran, ing taun 846 M. [1]Nalika isih cilik, dhéwéké diasuh déning kulawarga kang kenthel ajaran agamané. [1]Sawisé wis enom, dhéwéké nyinaoni bab tembang, utamane kecapi. Nalika ngancik dhewasa, déwéké wiwit nyinaoni babagan filsafat, kimia, matematika, lan kasusastran. Sadurungé, Al-Razi dikenal minangka ahli kimia. [1]Ing bidang iki, Al-Razi minangka ilmuwan kang bisa nnglompokaké pirang-pirang dat kimia ing telung bageyan yaiku mineral, tandhuran, lan kèwan. [1]Panglompokan iki adhedhasar panemu menawa kèwan lan tandhuran uga ngandhut dan kasusun saka unsur-unsur kimia. [1]Al-Razi uga dikenal minangka ilmuwan kang trampil nindakake proses-proses kimia, kayata ''distuasi'', kristalisasi, sublimasi, kalsinasi, sintesis-sintesis, sarta analisis-analisis liyané. [1]Semana uga proses-proses kanggo keperluan timbangan.[1]Ananging, dhéwéké kepeksa ninggalaké bidang kimia kang wis disinaoni, amarga pandelengané kang wis mulai ora cetha maneh akibat percobaan-percobaan kimia kang wis dilakoni. Nalika dhéwéké nekani sawijining dhokter, banjur dhokter mau njaluk duwit limang atus dinar kanggo ongkos tamba. [1]Dheweke banjur nyimpulaké menawa dhokter kuwi wis dadi salah siji piranti kanggo golek kaya. [1]Kedadéyan mau nyebabake Al-Razi dadi kepengin sinau babagan perkara-perkara ngenani kedhokteran. [2]