Menyang kontèn

Yelena Kondakova

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yelena Vladimirovna Kondakova
Antariksawati Roscosmos
StatusPensiunan
Lair (1957-03-30) Maret 30, 1957 (umur 68)
Mytishchi, RSFS Ruslan, Uni Sovyet
Pedamelan sanèsPulitikus
Wekdal ing ruwang angkasa178 dina 10 jam 41 minit[1]
Pamilihan1989
MisiSoyuz TM-20,[1] Mir, STS-84[1]
Èmblem misi
BebungahPahlawan Phedherasi Ruslan

Yelena Vladimirovna Kondakova (Rusia: Елена Владимировна Кондакóва; lair 30 Maret 1957; umur 68 taun) yaiku antariksawati Sovyet/Ruslan katelu sing menyang antariksa.[2] Perjalanan kapisane menyang luar angkasa nganggo Soyuz TM-20 ing 5 Oktober 1994. Dhèweké bali menyang Bumi ing 22 Maret 1995, sawise netep limang wulan ing setatsiyun antariksa Mir. Pamaburan kapindho Kondakova nalika dhèweké dadi spesialis misi ing pesawat ulang alik Atlantis Amerika Sarekat ing misi STS-84 ing Mei 1997. Dhèwèkké iku wong wadon Ruslan pungkasan ing luar angkasa nganti antariksawati peneruse Elena Serova menyang Setatsiyun Antariksa Internasional (ISS) ing tanggal 25 September 2014.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. a b c Alexander B. Zheleznyakov (May 3, 2001). "Kondakova". Encyclopedia Astronautica. Mark Wade. Diarsip saka sing asli ing March 3, 2016. Dibukak ing March 14, 2022.
  2. "The Story Of Women in Space". space-travel.com.

Wacanan tambahan

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Women's-History-stub