Menyang kontèn

Wadhuk Bening Widas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wadhuk Bening Widas

Wadhuk Bening Widas utawa luwih kuncara sinebut Wadhuk Bening utawa Kali Bening ing masarakat yaiku salah sawijining wadhuk lan papan wisata kang mapan ana ing Kabupatèn Madiun.

Wadhuk kang duwèni amba 570 héktar lan volume wadhuk normal 33 yuta mèter kubik iki mapan tepak ing Dhusun Petung, Désa Pajaran, Kacamatan Saradan.[1][2][3] Wadhuk iki minangka pérangan saka Dhaérah Ilèn Kali Brantas lan pérangan saka panindakan Perum Perhutani Kesatuan Pemangkuan Hutan (KPH).[4]

Latar wuri

[besut | besut sumber]

Wadhuk iki diyasa wiwit taun 1977 kanthi mangan béya nganti 16,8 milyar, kanthi panindak PT. Jasa Tirta déné konsultan désainé Nippon Koei Co. Ltd., rampung taun 1984 lan diresmèkaké déning Presidhèn Suharta. Yeyasaning wadhuk iki jalaran kanggo mbendung Kali Widas utawa Kali Bening kang minangka sub Dhaérah Ilèn Kali Brantas.[5]

Hidrologi

[besut | besut sumber]

Induk kali wadhuk iki yaiku Kali Bening, déné anak kaliné yaiku Kali Petung. Amba Dhaérah Ilèn Kali ana 89,50 km2, déné rata-rata udan taunan ing wadhuk iki ana 2.200 mm.[5]

Anane wadhuk iki manpangati banget kanggo panguripan masarakat ing pirang-pirang babagan, awit kayata kanggo ilèn-ilèn sawah kang ambané 9.120 héktar ing Madiun lan Nganjuk, minangka daya nggugah tenaga listrik kang gedhéné 650 kilo watt, kanggo panampungan banjir, kanggo sumber banyu ombèn, nganti misaya iwak budidaya lan cekelan. Kasil cekelan iwak lan kéwan-kéwan wadhuk rata-rata saben tauné nganti 283 ton, kang jinis-jinisé kayata, tambra, tawes, nila, bandeng, patin, urang, mas, belida, wader, lohan, gurami, lan sétan abang.[1][6]

Tradhisi

[besut | besut sumber]
Kali Widas

Larung Sajèn

[besut | besut sumber]

Tradhisi kang biasa dianakaké ing papan wisata iki yaiku Larung Sajèn, tradhisi iki kaselenggarakaké saben tanggal 10 Sura, tradhisi iki dilakoni déning para warigaluh kanthi pangajab supaya kasil panèné bisa sumarambah lan tradhisi iku uga dadi sarana minangka panulak memala. Saliyané iku tradhisi mengkono uga dadi sarana kanggo nepangaké papan wisata Wadhuk Bening Widas ing pangajab papan wisata iku dadi kuncara kanggo masarakat Madiun khususé lan masarakat Indonesia ing umumé. Sadurungé nglarungaké sajèn adicara kawiwiti kanthi slametan lan istigosah.[6][7]

Kirab Bunceng Baga Mulya

[besut | besut sumber]

Sawisé iku adicara kasusul déning Kirab Bunceng Baga Mulya kang sinusun kanthi pirang-pirang grup kasenian kayata Reog Panaraga, Dongkrèk, lan Paguyuban Kampung Pesilat. Gunungan tumpeng sajroning upacara iki dhuwuré ana 2,5 mèter kang sinusun saka sega putih kang jinangkepi kanthi pirang-pirang lawuh, pakan iwak, lan iwak-iwakan. Kadhang ana uga gunungan kang isiné brambang, gunungan iki minangka simbol kasil tetanèn khasé wong Nganjuk kang uga nampa manpangat saka ilèné Wadhuk Bening Widas. Gunungan-gunungan iki banjur diarak menyang panggung banjur ginawa lan disèlèhké ing anyaman pring lan diapit prau warigaluh, kira-kira ana 10 prau kang ditumpaki puluhan warigaluh kang mèlu ngiringi sajèn iki.[6][7][8]

Pariwisata lan sarana

[besut | besut sumber]

Wadhuk iki bukak saben dinane, karcil mlebuné yaiku Rp.7.500,- saben wong. Saliyané iku uga ana pirang-pirang sarana ing papan wisata Wadhuk Bening Widas iki kang bisa dilamlami para wisatawan, kayata:

  • Papan parkir
  • Papan lèrèn
  • Papan mancing
  • Taman dolanan
  • Kios-kios
  • Kakus
  • Dermaga
  • Prau[9]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Afifah, Dela Anggun (2018-01-15). Ditulis ing Malang. "Strategi Pengembangan Wisata Waduk Bening Widas Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun, Jawa Timur". Skripsi. Universitas Brawijaya: Fakultas Perikanan dan Ilmu Kelautan: 3.
  2. Laili, Ririn Nur (2019-05-10) [2019]. Ditulis ing Tulungagung. "Strategi Pengembangan Wisata Waduk Kalibening dan Dampak Ekonomi bagi Kesejahteraan Masyarakat Pajaran Saradan Madiun". Ekonomi Syariah. Skripsi. IAIN Tulungagung: Fakultas Ekonomi dan Bisnis Islam: 57.
  3. "Nikmati Keseruan Pergantian Tahun di Waduk Bening". Perum Jasa Tirta I. 2022-12-31. Dibukak ing 2023-10-05.
  4. "Bendungan Bening". EastJava.com. Dibukak ing 2023-10-05.
  5. a b Kasiro, Ibnu; Muchtar, Attan; Martadi, Hari; Suryadilaga, Ruhijat (1995). Bendungan Besar di Indonesia. Jakarta Selatan: Yayasan Badan Penerbit Pekerjaan Umum. kc. 208. {{cite book}}: |first2= missing |last2= (pitulung); |first3= missing |last3= (pitulung); |first4= missing |last4= (pitulung)
  6. a b c Widianto, Eko (2018-12-28). "Menikmati Kesejukan Waduk Bening Madiun". Terakota.id. Diarsip saka sing asli ing 2023-10-05. Dibukak ing 2023-10-05.
  7. a b "Buceng Baga Mulya Dilarung dI Bendungan Bening Widas". Pemerintah Kabupaten Madiun. 2023-08-07. Dibukak ing 2023-10-05.
  8. "Larung Sesaji Waduk Bening Saradan". Pemerintah Kabupaten Madiun. 2019-09-30. Dibukak ing 2023-10-05.
  9. "Waduk Bening Widas Saradan yang Menakjubkan". Visit Pare. 2022-12-31. Dibukak ing 2023-10-05.