Menyang kontèn

Umbul Jalatundha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Umbul Jalatundha inggih menika papan wisata toya ingkang mapan wonten ing Margi Klathèn – Jatianom, Dhusun Jambéyan, Kecamatan Karanganom, Kabupatèn Klathèn, Jawa Tengah, celak kaliyan Umbul Susuhunan. Kanthi toya ingkang taksih alami, wisatawan tansah angrasa seger sasampunipun nglangi wonten ing umbul menika. Umbul Jalatundha ugi anggadhahi kathah papan dhaharan ingkang boten namung nyawisaken dhaharan, nanging ugi unjukan. Saéngga menawi sayah, luwé, utawi salit, wisatawan saged tumbas dhedhaharan utawi unjukan wonten ing ngrika.[1][2]

Papan wisata Umbul Jalatundha menika awiyar 220 mèter pasagi saking sawatawis komplèks aréal, inggih menika aréa papan wisata ingkang awiyar 500 mèter pasagi. Wonten tiga blumbang ingkang dipun-gadhahi Umbul Jalatundha, katiga blumbang menika dipunbèntenaken kaliyan lebetipun, inggih menika mawi antawis 1 mèter, 1,5 mèter, saha 2 mèter. Wonten ing umbul ugi saged tinemu sompil ingkang wonten ing dhasar. Sompil ingkang wonten ing ngriku bènten saking papan sanès amargi gadhah pucuk ingkang bujel.[3][4]

Umbul Jalatundha ugi asring dipun-ginakaken déning tiyang ingkang badhé terapi. Dipunpitaya menawi sinten kémawon ingkang kungkum wonten umbul menika saged kaparingan kasarasan. Wonten ing wekdal énjing limrahipun kathah tiyang sepah ingkang dugi kanggé terapi. Tetiyang menika limrahipun ngébahaken utawi nindakaken aktivitas nglangi wonten ing blumbang. Limrahipun tetiyang menika terapi ngantos setunggal jam katrepaken kaliyan kasagedanipun piyambak-piyambak. Terapi menika dipunlampahaken kanthi temen ngantos angrasa wonten ingkang bènten ing sariranipun.[5]

Sujarah saha cariyos rakyat

[besut | besut sumber]

Umbul Jalatundha kapitayakaken sampun wonten saking jaman lami, saha gadhah cariyosipun piyambak. Wonten ing sakitering umbul wonten séla ingkang wonten tapaking sampéyan ingkang dipunpitaya gadhahipun Bisma, salah satunggal satriya saking paringgitan. Saéngga tapaking sampéyan menika dipunwastani Tapak Bisma. Kajawi menika, wonten ing umbul ugi saged katingal kalih reca inggih menika reca Bathara Siwa saha Ganésha, saéngga dipunpitaya menawi rumiyinipun Umbul Jalatundha dipun-ginakaken dados patirtan utawi sumber toya ingkang kaanggep suci.[6][7]

Wonten cariyos ingkang taksih dipunpitaya déning para warga sakubengipun Umbul Jalatundha, inggih menika cariyos Rara Amis. Wonten kalih vèrsi babagan cariyosipun Rara Amis menika. Vèrsi ingkang kaping setunggal inggih menika kados mekaten. Kacariyosaken Umbul Jalatundha ing rumiyinipun menika dipun-ginakaken minangka sumber toya. Papan menika dados padununganing satunggal pandhita. Pandhita menika gadhah putri ingkang sulistya ing warni anama Rara Amis. Wonten ing satunggaling dinten, Rara Amis siram wonten ing sumber menika nganggé gèthèk ingkang kadamel saking gedebog. Nalika taksih siram, Rara Amis dhawah ngantos sampéyanipun medal ludira amargi kataman sompil. Amargi gerah ngantos kathah ludira ingkang medal andadosaken pathining Rara Amis. Sang pandhita sanget sedhih amargi pathining putrinipun. Wonten ing tengahing kasusahan menika, sang pandhita paring supaos dhateng sompil ingkang wonten ing ngriku supados pucukipun dados bujel. Ngantos samenika sompil ingkang wonten ing Umbul Jalatundha gadhah pucuk ingkang bujel sedanten. Lajeng gedebog ingkang dipundadosaken gèthèk déning Rara Amis kéntir dumugi Dhekah Mao saha Birinan. Sang pandhita matur kaliya warga ing dhekah menika supados boten nanem wit pisang. Ngantos samenika boten wonten tiyang ingkang nanem wit pisang amargi jirih menawi angsal bancana. Rumiyin wonten bena wonten ing dhekah menika saha setunggal bonggol pisang tumut kèli. Bonggol pisang kasebut katanem wonten ing griyanipun warga lajeng warga menika séda.[8]

Cariyos ingkang kaping kalih boten langkung bènten kaliyan cariyos ing inggil. Kacariyosaken menawi rumiyin wonten demang ingkang ndunung wonten ing sakubengipun Umbul Jalatundha menika saha gadhah putri anama Rara Amis. Dipunwesta mekaten amargi sang putri gadhah sesakit wonten ing kulitipun ingkang ngedalaken ambet amis, nanging sang putri remen nglangi wonten ing umbul nganggé gèthèk ingkang kadamel saking gedebog. Wonten ing satunggaling dinten, Rara Amis dhawah nalika taksih nglangi wonten ing umbul saha sampéyanipun kataman sompil, ananging amargi kataman menika sesakitipun mantun. Rara Amis ingkang muring lajeng paring supaos dhateng sompil supados pucukipun bujel saéngga boten saged nyakitaken sampéyanipun. Sang putri ugi paring supaos supadi wonten ing sakubengipun umbul boten badhé tuwuh wit pisang. Kapitaya ingkang nanem wit pisang wonten ing sakubengipun umbul badhé angsal kacilakan.[9][10]

Jujugan, tikèt, saha fasilitas

[besut | besut sumber]

Jujugan dhateng Umbul Jalatundha inggih menika kanthi mlampah dhateng Dermagi Sala – Yogyakarta, lajeng nikung sisih tengen supados dugi wonten Margi Klathèn – Jatinom. Tansah wonten ing margi menika ngantos wisatawan saged dumugi ing Umbul Jalatundha. Aksès dhateng Umbul Jalatundha saged katrajang nganggé pit motor utawi kréta. Betahaken wekdal kirang langkung 19 menit kanthi tebihipun kirang langkung 10 kilomèter saking pusering Kutha Klathèn.[7]

Umbul Jalatundha dipunbikak saben dinten kanthi jam operasional-ipun saking énjing ngantos dalu. Menawi badhé mlebet wonten umbul kedah mbayar tikèt gunggungipun 6.000 rupiyah. Wisatawan ugi kedah mbayar parkir gunggungipun 2.000 rupiyah kanggé pit motor utawi 5.000 rupiyah kanggé kréta.[1] Fasilitas ingkang sampun kacumawisaken wonten ing Umbul Jalatundha inggih menika:[7]

  • Langgar
  • Papan parkir
  • Kantin
  • Café
  • Pakiwan
  • Kamar gantos rasukan
  • Gazébo

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b "Umbul Jolotundo Klaten Info Lokasi, Harga Tiket Masuk, Jam Buka dan Daya Tarik". Jajan Dolan (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-11.
  2. digsa.id. "Pariwisata Provinsi Jawa Tengah | Destinasi Wisata | UMBUL JOLOTUNDO". visitjawatengah.jatengprov.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-10-11.[pranala mati permanèn]
  3. Gotripina (2019-04-13). "Keindahan Obyek Wisata Umbul Jolotundo Klaten". Go Trip Indonesia (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-10-11.
  4. Joatsy. "Legenda Cangkang Sumpil yang Tumpul di Umbul Jolotundo". sorotdotco (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-10-11.[pranala mati permanèn]
  5. Bram, Damianus (2022-03-20). "Umbul Jolotundo di Klaten: Pertahankan Kolam Alami, Dipakai untuk Terapi". Radar Solo: Jawa Pos. Dibukak ing 2023-10-11.
  6. "Pemandian Jolotundo, Klaten | CV. ixoTransport". www.ixotransport.com. Dibukak ing 2023-10-11.[pranala mati permanèn]
  7. a b c "Umbul Jolotundo, Wisata Klaten Yang Sudah Ada Sejak Dulu - NativeIndonesia.com". www.nativeindonesia.com (ing basa Indonesia). 2023-05-09. Dibukak ing 2023-10-11.
  8. Suseno, Ponco (2021-06-14). "Umbul Jolotundo dan Cerita Warga Takut Tanam Pohon Pisang di Karanganom Klaten". Solopos.com (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2023-11-30. Dibukak ing 2023-10-11.
  9. "Rekreasi Air Umbul Jolotundo Klaten | Visit Klaten" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2020-02-20. Dibukak ing 2023-10-11.
  10. "Umbul Jolotundo". Tribunnewswiki.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-11.