Topeng malangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Topeng Malangan punika jogèd ingkang pinangka saking padu padan kabudayan Jawa Tengah, Jawa Kulon, lan Jawa Wétan inggih punika Blambangan lan Osingan. Jogèd punika pigiunane dados pambika adicara utawi ing Malang diwastani Jogèd Besakalan. Jogèd topeng uga diwastani Jogèd Panji amarga kathah ngusung cariyos-cariyos panji. Jogèd topeng Malangan ingkang paling kondhang inggih punika jogèd Bapang. Tandanipun penari damel topeng ingkang grananipun dawa, socanipun amba lan gerakanipun lucu. Jogèd punika gadhah èksprèsi seni ingkang dhuwur, aji estetika lan filosifi urip.

Asal-usul Topeng Malangan[besut | besut sumber]

Topeng malangan diciptaaken Airlangga, inggih punika putra saking Darmawangsa Beguh ing kraton Kadhiri. Saking kediri jogèd punika nyebar ngatos kraton singosari ingkang dipanggedhèni kaliyan Ken Arok. Ken Arok dadosaken jogèd topeng kanggé upacara adat, drama jogèd, ingkang kasusun saking cariyos-cariyos Mahabarata, Ramayana, lana Panji.Jogèd punika migunanipun kanggé penghormatan kaliyan para tamu lan pemujaan kanggé roh leleuhur.

Ing wanci agama Islam ing tanah Jawi, Wali Sanga dadosaken jogèd topeng punika supados sami kaliyan ajaran agama Islam. Inggih punika tata wusana jogèd topeng ingkang langkung sopan, irama ingkang damel ngiringi digantos kaliyan gamelan saking bahan kuningan. Bahan kuninga punika saged dadosaken irama ingkang langkung banter. Supados, kathah tiyang ingkang mirsani jogèd topeng punika lan Wali Sanga saged nyebaraken agama Islam.

Ing jaman penjajahan, jogèd topeng punika sampun cures, amargi ingkang mangertos jogèd topeng inggih punika ningrat utawi Kolonial walandi kemawon. Nanging, wonten salah satunggalipun batur, tugasipun ngumbah topeng punika. Batur punika remen kaliyan topeng Malangan lan nyobi ndamel. Amargi makaten Jogèd Topeng Malangan saged nyebar ngantos dinten punika.

Pertunjukan Topeng Malangan[besut | besut sumber]

Ing petunjukan Topeng Malangan, limrahipun wonten ing panggung. Posisi penonoton kaliyan penari, sejajar ing nganjenge penari. Ing panggung, dibeber kain geber ingkang digantung ing kiwa lan tengen panggung. Para panjak lan sinden tugasipun ngiringi penari ing sisih kiwa ngajenge panggung. Panjak punika mugunane kanggé dhalang lan penari supados saged mangertos utawi komunikasi. Jogèd topeng punika diiringi kaliyan gamelan.

Segmentasi salajengipun inggih punika pambikaan. Sadèrèngipun adicara diwiwiti, panjak ngaturaken salam kanggé penonton lan macaaken ringkasan lakon utawi sinopsis, supados penonton gampil mengertos cariyosipun. Cariyos dilajengaken kaliyan sesaji.

Mantra di maosaken supados penonton saged mengertos manawi jogèd topeng punika sanèsipun tontonan utawi panglipur, nanging ugi kanggé panghormatan dateng roh leluhur ingkang di sebuataken kaliyan “Nini danyang, kaki danyang”. Sakalakengipun lakon saking adegan-adegan ingkang dibagi runtut. Jejer sapisan, adegan kraton Jawa / Panji. Grebeg Jawa, pengembaraan Panji. Jejer kapindho, adegan ing karaton Sebrang. Grebeg Sebrang, adegan pengelanaan ratu Klono kaliyan patih kanggé madosi putri ingkang didadosaken garwa utawi kanggé nguwasani karaton liyan. Perang grebeg, pertemuan Panji lan karaton Sebrang. Jejer katelu, adegan pertapaan karaton lain. Potrojoyo-Gunung sari. Adegan ulangan kraton kapisan lan jejer kalmia, perang gedhé saka kraton sebrang lan panji. Manawi pertujukan punika sampun bubar, dhalang nutup pertujukan punika lan wayang kaliyan panjak, nedha sesajen punika.

Pranala njaba[besut | besut sumber]