Teknologi pertanian

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

NANDUR PARI

Beras dadi kabutuhane masarakat, mula ya ora nggumunake manawa ora sethithik beras kang kudu dicawisake. Déné kang kajibah nyukupi beras ora liya para among tani, srana nggarap sawah nandur pari. Mungguh kaya ngapa lan kepriye carane nindakaké nggarap sawah, mbok manawa na becike yèn diandharake sawatara, wiwit gawé winih tumekane panen. Dhek jaman biyèn, nalika irigasi durung tumata, sadurungé ngancik ngolah lemah padha nganggo petungan mangsa. Déné mangsa kang diugemi ya iku mangsa kanem lan uga ngungak lintang luku kang wis katon manjer ing sisih wétan. Lumrahe pangolahe lemah kawiwitan gawé pawinihan. Gawe winih mono ana kang nganggo ngurit/nyebar. Cara-cara iku kajumbuhake karo kahananing lahan. Yèn ing sawah kono banyune angèl, adate katindakake kanthi ngurit. Ngurit ya iku ndhedher wiji pari kang isih wulen, déné kretegan ya iku pari kang disebar garingan tanpa dilebi banyu. Kekarone wiji pari iku kadhedher ana ing lemah garing. Déné nyebar, wiji didhedher ing lemah teles, wujud gabah kang wis nokol/thokol. Sinambi ngenteni gedhene winih, Pak Tani nuli nggarap sawah. Sawah dilebi nuli diluku, luwih dhisik sawah disukoni, ya iku maculi pojok-pojoking sawah kang ora bakal kaambah déning luku. Nyukoni iku bisa uga katindakake sawisé diluku, Bakda iku, lemah dilebi lan dileremake sawatara sina supaya suket lan gegodhongan padha bosok dadi lemi. Tindak mangkono iku arane didhayungake. Sinambi ngenteni anggoné ndhayungake, lumrahe pak tani nampingi utawa nembok galengan supaya ora padha bolong, bisa wutuh, rapi lan rata. Sawisé cukup anggoné ndhayungake, lemah dilumahake, tegesé digawé rata srana digaru. Kanthi mangkono brongkalan-brongkalan lemah padha ajur, satemah lemah dilawet dadi leleran. Yèn wis mangkono lahan siyap ditanduri. Supaya tandur bisa tumata larikane, katon runtut, luwih dhisik nancepake kepala, ya iku tancepan tandur kang bakal dadi panutan. Kanggo rerangken tandur, ora lali dicawisake sesaji kanggo panuwun lan panyuwun marang Gusti. Sawisé dipasrahake nganggo didupani, sajen banjur dikepung sing padha arep tandur, lumrahe para wanita. Piranti sing kanggo tandur ya iku wilah sing diwènèhi tetenger kang padha elete. Piranti iki diarani klathakan utawa blak. Blak ditrapake manut kepala, nuli saben tetenger ditancepi winih. Mangkono sabanjure lumaku mundur. Watara setengah sasi tandur wiwit ijo, mracihnani yèn urip, diarani nglilir. Watara umurt sesasi diwatun utawa digosrok. Kajaba kanggo ngilangi suyket sing ngganggu, uga duwé tujuan nggemburake lemah. Bakda iku tandur dirabuk. Ora antara sasi tandur dadi ijo royo-royo, gumadhung. Tandur mekar, mundhak gedhé lan dhuwur. Ora suwé manèh mlecuti, siji loro katon wulene. Déné yèn wulen par iwis jumedhul kabèh, arane mrekatak. Bakda iku wulen kang mentes padha tumungkul, déné sing gabug padha ndangak. Saya suwé pari saya kuning. Yèn wis mangkono becike sawah disat supaya nyepetake pari padha tuwa. Sawisé sesaji “wiwitan” dileksanani, pari banjur dipanen. (Kiriman Sdwijosusastro)