Taman Sekartaji Kadhiri
Taman Sekartaji Kadhiri yaiku sawijining taman rékréasi kang kuncara ing tlatah Kadhiri. Taman iku mapan tepak ing Désa Majarata, Kacamatan Majarata, Kutha Kadhiri.
Etimologi
[besut | besut sumber]Jeneng ''Sekartaji'' kajupuk saka jeneng paraga "Dèwi Sekartaji'' ing crita-crita legéndha lan sajarah kuna kang kuncara lan ngrembaka khususé ing tlatah Kadhiri. Dèwi Sekartaji miturut masarakat Kadhiri minangka sawijining putri kang duwèni prinsip, watek kang becik, kuat, lan ora kalah dedayané karo wong lanang. Dèwi Sekartaji dudu amung dèwi kang bagus pasuryané utawa pisiké, ananging uga karakteré kang wus kuduné bisa dituladhani déning masarakat amba. Mula saka iku, dhèwèké dumadi inspirasi jeneng kanggo taman kang ana ing Majarata iku mau.[1]
Rute
[besut | besut sumber]Papan dumunung taman iki tepak ing Dalan Veteran, Majarata. Saka Alun-Alun Kutha Kadhiri bisa tumuju ing Dalan Panglima Sudirman mangalor, sawusé tumeka ing prapatan, jupuk dalan mangiwa utawa mara ing Dalan Yos Sudarsa. Banjur menggok ing Dalan Brawijaya kanggo nyabrang Kali Brantas. Sawusé iku jupuk arah tengen kanggo pinuju Dalan KH. Wachid Hasyim. Sawusé tumeka ing Bunderan Sekartaji bisa langsung jupuk ing Dalan Veteran.[2]
Latar wuri
[besut | besut sumber]Taman Sekartaji ing jaman biyèn sinebut minangka taman kang kemproh tur rusuh uga minangka sawijining kafé remeng-remeng, taman kang sawangané tinutup iki biyèn arang wong seneng mara rono lan banjur binukak manèh kanthi hawa anyar ing mangsa jumenengé Walikutha Abdullah Abu Bakar utawa kondhang jinuluk Mas Abu. Taman iku didesèn bali kanthi hawa kang agawé kepénak ing masarakat, taman kang sinawang peteng sadurungé iku saiki wus bisa dianggo minangka papan rékréasi, pakumpulan masarakat, pasinaon, parékonomèn, sosialisasi, lan babagan-babagan liyané. Taman iku diyasa wiwit 2016 lan diresmèkaké déning Bapa Bupati ing 25 Sèptember 2017.[3][4][5][6]
Modhèl
[besut | besut sumber]Konsèp utama
[besut | besut sumber]Taman Sekartaji iku salah siji saka telung taman kang dirévitalisasi déning Mas Abu, liyané iku ana Taman Brantas lan Taman Alas Kutha Jayabaya. Konsèp kang diusung ing taman iku yaiku konsèp Panji, sawijining konsèp kang asalé saka crita Panji, yaiku crita-crita ngenani kaprawiran lan katresnan kang paraga utamané yaiku Radèn Panji Asmarabangun lan Dèwi Sekartaji. Crita-crita iku asal lan ngrembakané wiwit jaman jumenengé Karajan Kadhiri (1042-1222).[7]
Pangonsep
[besut | besut sumber]Palakon taman iku Sony Restu Wibowo, arsitèk senior lulusan Universitas Gadjah Mada. Nanging sadurungé dicandhak dhèwèké, kudu dimangertèni manawa arsitèk lan wong sapisanan kang ngusulaké konsèp iku yaiku Michael White, kang wus séda ing taun kang padha nalika Taman Sekartaji diyasa bali. Dhèwèké minangka arsitèk lan budhayawan saka Australia lan wus ngabdi ing Indhonésia khususé ing Pulo Bali.[7]
Dhèwèké wus puluhan taun suwéné ing Indhonésia lan wus duwèni jeneng Indhonésia yaiku Madé Wijaya. Michael sempet lunga ing Kadhiri lan ngaturaké pirang-pirang pamikiran lan idé kanggo ngrembakaké Kutha Kadhiri ing babagan kabudhayan. Dhèwèké sempet ngaturaké uga ngenani rasa prihatiné marang Taman Sekartaji sadurungé dirénovasi, taman iku ora nggambaraké jiwa-jiwa Dèwi Sekartaji, mula banjur dhèwèké ndisèn anyar Taman Sekartaji ing pangajab bisa nukulaké agunging asma Dèwi Sekartaji ing taman iku lan uga bisa dumadi ikoning Kutha Kadhiri.[7][8]
Crita serem
[besut | besut sumber]Ana pirang-pirang crita serem kang naté dimenangi para warga kang kedadèn ing taman iku, tuladhane warga kang paring asma Siti Solikah, dhèwèké crita manawa ana sawijining papan wingit ing taman iku kang asring dianggo umbah-umbah déning Dèwi Sekartaji lan ing papan kono asring kedadèn prastawa-prastawa anèh. Dhèwèké crita manawa papan kang dianggo umbah-umbah déning Dèwi Sekartaji iku kerep dianggo mancing wong, kacritakaké manawa wong mancing iku ngèyèl wus dikandhani aja mancing ing kono nanging tetep waé mancing. Wong iku saben mancing ora tau olèh iwak, lan nalika olèh, iwak iku digawa bali lan wenginé wong iku langsung panas awaké lan tiba lara. Sajroning impèné, dhèwèké ditemoni ula kang njaluk wong iku kanggo mbalèkaké iwak kang dipancing sadurungé. Crita serem lan anèh kang naté kedadèn ing papan iku liyané kayata, matiné lampu taman kang bola-bali kang sajané uga wus ginanti déning patugas taman, uga anané kasurupan kang dimenangi déning pirang-pirang wong, kalebu salah siji wong kerja proyek yeyasaning taman iku.[9]
Sarana
[besut | besut sumber]Taman kang ambané 7000 mèter persegi iki binukak kanthi gratis kanggo masarakat umum, amung bayar karcis parkir pit montor waé Rp.2000,-.[10] Akèh sarana-sarana kang ana ing papan iki kayata WIFI, langgar, kakus, papan lungguhan, panggon sampah, papan poto, lan sapinunggalané. Uga ana papan-papan kanggo pamèran lan nonton pilem nganti papan akupuntur suku.[11]
Kagiyatan umum
[besut | besut sumber]Papan iki bisa digunakaké kanthi manéka warna kagiyatan masarakat, tuladha déning para siswa lan mahasiswa dianggo sinau bareng, nggarap PR, lan kagiyatan-kagiyatan organisasi sekolah utawa kampus liyané.[10][4] Papan iki uga dumadi panggon kaselenggarakakéné acara fèsyen kayata Dhoho Street Fashion kang ngenalaké kain tenun iket khas Kadhiri marang masarakat umum.[12] Kadhang uga ana kagiyatan literasi pabukon mobil mubeng kang dianakaké déning Perpustakaan Umum Kota Kediri.[13] Déning ibu-ibu, Taman Sekartaji iki dimanpangataké kanggo olahraga senam ésuk. Cacahing para wisatawan kang teka ing papan wisata iku awit ésuk nganti wengi watara 200 wong nalika lagi ora ana kagiyatan, nanging nalika ana kagiyatan bisa nganti 300 wong.[14]
Kaamanan
[besut | besut sumber]Ing taman iki jinangkepi kanthi panjaga taman kang siaga saben wayah kanggo agawé tentreming kahanan taman uga karesikan taman. Saliyané iku, uga ana CCTV kang pinasang ing nem panggon sajroning taman, saingga saben kagiyatan masarakat ing taman iku bisa kaawasi saben wayah. Wong-wong kang nindakaké tumindak kang ora samestiné bisa langsung diaruh-aruhi déning patugas.[15]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Sungkowati, Yulitin (2021-12-27). "Pandangan Masyarakat Kediri terhadap Tokoh Dewi Sekartaji". Sirok Bastra. 9: 135–150. Diarsip saka sing asli ing 2023-10-09. Dibukak ing 2023-10-08.
- ↑ "Taman Sekartaji Tiket Gratis Beragam Aktivitas Oktober 2023". Travels Promo. 2020-04-03. Dibukak ing 2023-10-09.
{{cite web}}
:|first=
missing|last=
(pitulung) - ↑ Je A., Rama (2019-07-27). "Taman Sekartaji Kota Kediri Sekarang Sudah Berubah, Indah dan Bersih". Ionku. Dibukak ing 2023-10-08.
- ↑ a b Dwi, Andhika (2023-06-01). "Taman Sekartaji Kediri, Bekas Kafe Remang-remang yang Jadi Spot Asri". Detik.com. Dibukak ing 2023-10-08.
- ↑ "Mas Abu Resmikan Taman Sekartaji". Pemerintah Kota Kediri. 2017-09-26. Diarsip saka sing asli ing 2022-07-23. Dibukak ing 2023-10-08.
- ↑ Kediri, Liputan (2017-09-27). "Taman Sekartaji Secara Resmi Dibuka Untuk Publik". Kumparan. Dibukak ing 2023-10-09.
- ↑ a b c Basalamah, Anwar Bahar (2023-01-02). "Taman". Radar Kediri. Dibukak ing 2023-10-08.
- ↑ Putri, Challista Eka (http://repository.ub.ac.id/id/eprint/165964/). Ditulis ing Malang. "Inovasi Pemanfaatan Ruang Terbuka Hijau (Rth) dalam Perspektif Pembangunan Berkelanjutan (Studi pada Taman Sekartaji Kota Kediri)". Skripsi. Universitas Brawijaya: Fakultas Ilmu Administrasi: 80-82.
{{cite journal}}
: Check date values in:|date=
(pitulung); External link in
(pitulung)|date=
- ↑ "Peristiwa Seram di Taman Sekartaji Kediri". Bacaini.id. 2021-06-10. Dibukak ing 2023-10-08.
- ↑ a b Agustina, Siti Siska (2022-08-03). "Jalan-jalan Santai ke Taman Sekartaji Kediri, Sejuk, dan Mampu Tenangkan Pikiran". Koran Memo. Dibukak ing 2023-10-08.
- ↑ "Wisata Minggu Pagi di Tengah Kota Kediri, Taman Sekartaji". Dedikasi.id. 2023-09-06. Diarsip saka sing asli ing 2023-12-15. Dibukak ing 2023-10-08.
- ↑ "Puluhan Model Tenun Ikat Khas Kota Kediri Beraksi di Taman Sekartaji". Petisi.co. 2017-12-14. Dibukak ing 2023-10-09.
- ↑ Firdausyi, Afta Putri (2022-12-12). "Serunya Mewarnai Bersama Moling Perpustakaan Umum Kota Kediri". Kompasiana. Dibukak ing 2023-10-09.
- ↑ "Taman Sekartaji Diharapkan Pusat Edukasi dan Komunikasi Masyarakat". 2018-08-07. Dibukak ing 2023-10-09.
- ↑ Nugroho, Adi (2017-12-24). "Taman di Kota Ini Ada CCTV dan Free Wifi". Radar Kediri. Dibukak ing 2023-10-09.