Menyang kontèn

Tèks Calon Arang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Beksan Calon Arang

Tèks Calon Arang yaiku kalebu salah sawijining karya sastra Bali. Miturut lumakuné sejarah Sastra Bali jumedhul pirang-pirang tèks kang sumberè saka Calon Arang. ANa kang tinulis kanthi ngugemi keaslianè, ana uga kang digubah menyang karya kang beda yang dijumbuhakè karo genre lan pandangan urip pujangga ing jaman lairé karya sastra kasebut. Akibaté akeh tinemu karya sastra turunan utawa sadhuran ngennai Calon Arang. Ana tèks Calon Arang kang awujud gancaran, ana uga kang awujud tembang, yaiku kidung dan geguritan utawa parikan.

Sejarah

[besut | besut sumber]

Tèks Calon Arang senadyan tuwuh lestari ing bebrayan Bali, jebul akèh kang diperbawani saka Jawa Kuna. Karya sastra Jawa Kuna kang mekar ing pulo Jawa, utamanè ing punjeré kraton Hindhu, yaiku sadurunge jaman Kedhiri, Singasari, lan Majapahit. Ing wektu semono kasusastran Jawa Kuna akèh banget gunggunge kang diripta lan disebaraké ing satengahing bebrayan Jawa Kuna[1]. Tèks Calon Arang duwèni gegayutan kalawan sejarah Jawa- Bali. Tinemu peninggalan-peninggalan kang kenceng gandhèng cènèngé karo téma Calon Arang, yaiku praktèk kapitayan kang memuja marang Bathari Durga lan wewujudané sarta unsur Tantrayana.

Kahanan saiki

[besut | besut sumber]

Ing saterusé jalaran anane sesambungan dhiplomatik antara Jawa lan Bali, Calon Arang dadi salah sawijining bukti. Jumedhulé carita Calon Arang sajeroning bebrayan Bali ing pirang-pirang tèks kasebut, bebrayan Bali ngupaya kanggo ngurip-uripi carita kasebut kanthi cara dadèkaké minangka beksan kang bisa dipéntasaké, dhasaring gawé rèlièf ing pura-pura, patung lan lukisan[2]. Tèks Calon Arang ngrembaka ing tradhisi lisan, tèks kasebut uga dianggo minangka dhasar seni wayang Bali, sendratari, lan beksan Barong Rangda yang dadi tradhisi turun-tumurun.

Kapustakan

[besut | besut sumber]
  1. Kempers, A.J. (1991). Monumental Jawa-Bali. Singapura: Berkeley. kc. 43.
  2. Hinzler, H.I.R. (1981). Bima Swarga in Balinese Wayang. Den Haag: Martinus Nijhoff.