Tèknik maca

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Teknik Maca[besut | besut sumber]

Maca rikat iku merlokake konsèntrasi lan kawigaten, kanthi konsèntrasi, maca bisa rikat lan mangerteni tegesé utawa karepe wacan iku, supaya anggoné maca bisa luwih rikat, kudu asring gladhen. Maca ing kéné maksude ora mung banter utawa rikat anggoné maca nanging kudu bisa mangsuli pitakonan babagan isiné wacan iku.Tembung liyané, bisa mengerti mkasude/karepe wacan iku. Sanajan mung maca nanging mbutuhake ketrampilan. Ana wong maca buku sakebet mung sadhéla waé wis rampung. Nanging ana wong maca mung sarai waé suwéné ora jamak. Kuwi kabèh gumantung pakulinane maca. Wong kulina maca mesthi rikat rampung. Ketrampilan maca rikat iku dibutuhake kanggone jaman saiki. Sebab gelem ora gelem wong kudu ngundhaake cepete maca. Sebab sawenehing ngèlmu utawa informasi sumber tumangkare sarana tulusan sing kudu diwaca. Sangsaya akèh sing diwaca sangsaya tambah ilmune. Tujuan baku tèhnik maca rikat ya iku nggolèk lan ngumpukake sesuurpan bab apa waé kanthi rikat, gampang, pas lan trep miturut kabutuhane. Carane maca sing umum katindakake ana papat, ya iku; maca tèhnik utawa maca nyuwara, maca batin, maca rikat lan maca éndah utawa maca estetik.

Maca Teknik/Maca Nyuwara[besut | besut sumber]

Maca tèhnik sejatine maca nyuwara, ya iku nyuwarakake simbul-simbul basa kang awujud aksara, kang dironce dadi tembung, tembung dironce dadi ukara.Sing kudu digatekake ing maca tèhnik: lafal utawa, kalebu frase (kumpulan tembung). Saliyané iku, kanggo ngerteni paguwasaning wacana utawa ngerti isi lan surasane wacan.

Maca Batin[besut | besut sumber]

Maca batin, béda karo maca tèhnik. Cara maca batin luwih nengenake utawa ndhisikake pemahaman utawa pangerten bab isiné wacan. Tujuwane maca batin kanggo ngerteni isiné wacan. Teknik maca batin minangka nglatih daya eling-eling lan daya panangkepe pikiran kanggo pemahaman informasi sing diwaca. Ana ing tèhnik maca batin, lambe lan suwara ora makarya, mung ngandelake mripat lan pikiran. Dadi lambe ora olèh umik-umik lan nyuwara, tangan utawa driji ora éntuk nudhingi. Semono uga sirah ora éntuk obah mèlu arahe wacan.

Maca Endah/Estestis[besut | besut sumber]

Maca éndah ya iku maca kanthi ngatonake kaendahan lan estetika, kaya ta maca geguritan lan nembang. Maca éndah sejatine padha karo maca nyuwara utawa maca tèhnik, bedane maca éndah kudu bisa ngatonake rasa kaendahan sing anan ing sajeroning wacan sing diwaca, utawa penghayatan.

Maca Cepet[besut | besut sumber]

Maca rikat sajatiné uga maca batin, naging témponé waé sing béda. Ana ing maca batin anggoné maca biyasa-biyasa waé amarga ora ana watesé wektu. Nanging ing maca rikat, nggoné maca diwatesi wektu. Tujuan baku tèhnik maca rikat ya iku narik utawa nggolèk lan ngumpulaké intisarine informasi utawa pangertèn kanthi rikat. Cekaké, intiné maca rikat ya iku ngerti isiné wacan kanthi rikat. Ora ana gunané maca rikat yèn ora ngerti apa sing diwaca.Carané maca rikat ora mung angger rampung. Maca rikat kang diarani kasil manawa saben menit bisa éntok 250 tembung.

  • Maca ing jero batin, konsèntrasi
  • Suwara lembut cukup krungu dhéwé
  • Aja gunakaké tuding utawa driji
  • Aja ngobahaké sirah, mripat tumuju ing wacan
  • Aja mbalèni tembung kang ués kawaca
  • Aja diéja aksarané

Ketrampilan dhasar maca[besut | besut sumber]

  • Ketrampilan nguasani mripat
  • Ketrampilan nguasani tembung, frasa
  • Ketrampilan nguasani tembung kunci.

Cara maca kang bisa rikat olèh informasi[besut | besut sumber]

  • Cara Skimming: Cara maca kanggo golèki bab – bab kang wigati kanthi rikat.

Tuladhanipun: Goleki pokok permasalahan, penemu wong utawa kang wigati kanthi ora maca kabèh.

  • Cara Scanning: Cara maca kanggo goleki kabar informasi kang wis dibutuhaké. Cara cukup diwaca pérangan kang digoleki waé.

Tuladhanipun: Goleki nomer tilpun ana ing buku tilpun, goleki tembung ing kamus, goleki nomer indeks lan sakpanunggalé.

Ing Ngisor iki cara-cara kanggo maca rikat[besut | besut sumber]

  • Anggoné maca ora saben tembung, nanging saklompok tembung.
  • Aja mbolan-baleni tembung sing wis diwaca
  • Aja kesuwen mandheng sangarepe ukura.
  • Ora digagas tembung-tembung kaya ta: ing, saka, marang, saking lsp.
  • Tanpa ngetokaké swara saka cangkem.(lambene uga ora obah-obah)
  • Ora gedhek-gedhek sirahé ngetutake dawane ukara.
  • Pandhelenge mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambe utawa cangkem.
  • Tembung sing angèl/manca ditinggal dhisik.
  • Golekana kuncine tembung ing sakjeroning ukara.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

[1]