Sumur Gumuling

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sumur Gumuling. Salah sijining gugusan yasan ing Tamansari, Ngayogyakarta

Sumur Gumuling ya iku panggon kanggo ibadah utawa kapentingan religius ing jaman biyèn. Ing yasan kasebut ana mihrab utawa panggonan pangimaman kang ukurané 1,0 m x 3,50m.[1] Yasan kuno iki wis ana wiwit 200 taun kepungkur. Sumur Gumuling uga masjid ngisor lemah kang nduwèni akèh kaajaiban. Sumur Gumuling iki dadi salah sijining yasan kang isih ana ing Tamansari.[2] Sumur Gumuling iki minangka masjid ing éra Sri Sultan Hamengkubuwana I lan II.[3]

Pernah[besut | besut sumber]

Sumur Gumuling iki ana ing sisih kulon Pulo Kenanga lan biyèn ana ing tengah-tengah banyu segaran. Saka Pulo Kenanga tumuju ing Sumur Gumuling bisa liwat dalan ngisor lemah ing sisih kulon, liwat lawang yasan kang bentuké pesagi nganggo kusèn kayu lan madep kidul. Nanging, saiki dalan ngisor lemah ora bisa diliwati amarga rusak lan ana parit saluran banyu anyar (kang digawé déning Pamarèntah Walanda) saka sisih lor utawa pusat kutha kang motong yasan urung-urung kasebat.[1]

Gerbang Sumur Gumuling[besut | besut sumber]

Lawang kanggo tumuju ing Sumur Gumuling ana loro, ya iku sisih wétan lan kulon. Lawang sisih kulon wis ambruk, saéngga kanggo lumebu Sumur Gumuling liwat sisih wétan. Jaman biyèn, supaya bisa lumebu lawang sisih wétan iki kudu liwat pelataran Pulo Kenanga sisih kulon. Èmpèring pelataran gerbang dipager nganggo motip lengkung berprofil lan lawang kanggo lumebu diganepi nganggo trap kang bentuké lengkung kurawal. Saka gerbang medun liwat trap ukurané 15 cm x 50 cm lan lumebu tumuju urung-urung utaw dalan ngisor lemah kang ambané 2,80 m. Ing taun 2001, dilakokaké rénovasi lan pemugaran déning Dinas Pendidikan dan Kebudayaan, Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Pemugaran dianakaké kanggo njaga kekuatan panyangga payon bagian njero nganggo wesi ekspose kang modèlé kaya rel.[1]

Bentuk Yasan[besut | besut sumber]

Yasan Sumur Gumuling iku bentuké bunder lanté loro. Lanté kapisan ana ing ngisor lemah, saéngga bagian njaba tanpa ventilasi. Ventilasi kanggo pencahayaan kang asalé saka bagian njero, amarga bagian sisih njeroné tarbuka. Lantai siji ana wolung lawang kang nyambungaké blumbang kang bentuké bunder kaya sumur ing bagian tengah kang jeroné 146 cm.[1] Kanggo tumuju ing lante loro, ana andha panyambung kang ana ing nduwur blumbang. Bagian yasan iki biyèn ana ing nduwur permukaan banyu lan bagian njaba uga ana jendhela kang cacahé wolu.Bagian payon bentuké lengkung nganggo plèster motip sirap. Saiki kondisi saka sawatara bagian ana kang ambruk, ya iku sisih wétan lan lor. Endheg-endheg diplèster rata kaya ta bentuk lengkungan payoné.[1] Filosofi saka yasan Sumur Gumuling kang yasané ing njero lemah ya iku dadi pralambang manungsa kang diciptakaké saka lemah lan bali menyang lemah.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Hadiyanta, Ign. Eka (2012). Menguak Keagungan Tamansari. Yogyakarta: Sumber Aksara.
  2. a b "Mengintip Kemegahan Sumur Gumuling, Masjid Bawah Tanah Raja Yogyakarta". iNews.ID (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-02-23.[pranala mati permanèn]
  3. "Keunikan Rancang Bangun Masjid Sumur Gumuling". Republika Online. 2016-08-19. Dibukak ing 2019-02-23.