Sukrasana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Bambang Sukrasana iku putrane Begawan Suwandagni ing Pratapan Ardi Sekar. Rayine Bambang Sumantri. Sanadyan kadang tunggal yayah rena, nanging wujud lan rupané satriya loro mau adoh banget sungsate prasast bumi karo langit. Bambang Sukrasana rupané luwih déning kuciwa. Kulite pating prithut kaya jeruk purut. Sirahe nggandhen, bathuke nonong, irunge pesek, mripate kiyipan, alise kandel nggenthaweng, tutuke ngeblak, untune pating cringih, siyunge mawa wisa, wetengé mlenthus bekel, sikile pekok, lakuné cekeh, swarane pelo.

Amarga wiwit bayi dibuwang ing alas kang wingite kepati-pati, iku manjing dadi tapa bratane, kang njalari Sukrasana sekti mandraguna. Bisa napak jumantara, bisa manjing ajur ajer. Kabèh kéwan galak buron wana lan sarupaning lelembut dadi sumitrane Sukrasana.

Kocap nalika samana Bambang Sumantri suwita marang Prabu Sri Harjuna Sasrabahu ing Mahispati kadhawuhan mbantu perang ing nagara Magada. Bambang Sumantri kaleksanan nyirnakake Prabu Darmawasesa sawadyabalane lan kasil mboyong Dewi Citrawati lan putri dhomas pinangka pangiringi.

Bareng lakuné tekan sekethenging kutha Mahispati, Sumantri nuli utusan ngaturake nawala marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Wose nawala : Dewi Citrawati bakal diaturake Sang Prabu Harjuna Sasrabahu sauger Sang Prabu bisa ngasorake yudane Bambang Sumantri. Klakon Sumantri perang tandhing mungsuh Prabu harjuna Sasrabahu. Wusanane Sumantri kalah bareng Sang Prabu triwikrama wujud buta kang gedhene kagila-gila. Sumantri ngrerepa nyuwun pangapura.

Sumantri diapura, lan Sang prabu kersa nampa pasuwitane, yèn Sumantri bisa muter Taman Sriwedari kang dumunung ing Kahyangan Untarasegara, kaboyong menyang Mahispati. Sumantri judheg, rumangsa ora kuwawa minangkani panyuwune Sang prabu. Dumadakan mak jleg Sukrasana wis ngadeg ing sangarepe Sumantri. Sukrasana kandha : “Aja kuwatil kakang Sumantli, aku alep mitulungi kowe, nanging kowe kudu janji malang aku, yèn aku kudu olèh ndhelek suwita ing Mahispati ya kakang “. Sumantri nyaguhi panjaluke Sukrasana. Awit saka pitulungane Sukrasana, Taman Sriwedari klakon dipindhah ing Nagara Mahispati.

Éman, Sumantri ora ngelingi kabecikan. Sawisé Taman Sriwedari klakon dipindhah menyang Mahispati déning Sukrasana, Sumantri cidra ing janji. Sukrasana ora dikeparengake mèlu suwita marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Amarga Sukrasana meksa kudu mèlu, mula Sumantri banjur ngagar-agari senjata Cakra Baskara murih Sukrasana wedi lan gelem ninggal Taman Sriwedari. Nanging Senjata Cakra Baskara mrucut temenan ngenani jajane Sukrasana dadi lan patine. Sumantri énggal-énggal mlayoni layone Sukrasana, nedya ngrungkebi. Nanging layon tumuli musna. Samusnane layon, Sumantri krungu swara ing akasa: “Kakang Sumantri, kowe kok meksa suthik dak eloni. Mbesuk bae kakang, yèn kakang Sumantri perang tandhing karo ratuning buta saka Ngalengka, sing ngati-ati kakang, aku bakal olèh dalan bebarengan karo kowe kakang. Wis kakang Dakenteni ing swarga pangrantunan!”

Pasuwitane Sumantri ditampa déning Prabu Harjuna Sasrabahu, lan sinengkakake ing aluhur, winisudha jumeneng patih ing Mahispati kanthi asama Patih Suwanda.