Sugeng Adipitoyo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sugeng Adipitoyo, nama kang katengeraken kalihan bapanipun inggih Maryono Hardjoatmodjo (suwargi, purnakarya guru wiwit akhir jaman penjajahan Walandi)  dhumateng piyambakipun rikala 55 taun kepengker (saking taun menika, 2020) wonten tlatah padesan kang sinebat Dhusun Pehserut, Desa Pehserut, Kecamatan Sukomoro, Kabupaten Nganjuk. Nami kasebat kaparingaken ing pangajab sageda tansah nampi kawilujengan saking Gusti Kang Mahakuwaos lan ugi wontenipun ing alam donya menika ndadosaken wilujeng lan raharjanipun bebrayan.

Pangajab saking asepuh menika rinaos dados paugeranipun gesang kang tansah kaemban kanthi lila legawa kalihan piyantun ingkang kasil ngempalaken seratanipun bab pasinaon basa Jawi dados buku menika. Kanthi paugeran menika pramila piyantun menika tansah tinarbuka lan ngupados murih ngrembakanipun bebrayan ing maneka warni bab, utaminipun kesenian Jawi, budaya/basa Jawi, lan literasi Jawi. Kanthi kegiyatan-kegiyatan ingkang kados makaten, mila piyambakipun tansah ngaturi wadhah pamarsudi arupi paguyuban seni karawitan lan campursari (Sarilaras Citranada, 1994-samenika), paheman budaya Jawi (Paguyuban Wong Agung, Singa Keri, 2013-samenika), lan penerbit (Citra Wacana, 2006-samenika; Sahabat Mandiri, 2014-samenika).

Wonten wadhah-wadhah kegiyatan ing nginggil kalawau, piyantun menika tansah angudi tuwuhipun generasi panerus ing sawenehipun perangan budaya Jawi kasebat. Prasasat ndhedher wiji, nandur winih, lan ngopeni tunggak semi ingkang katindakaken piyantun menika napaki dalan lelabuh budaya Jawi murih tetepa gesang lan ngrembaka wonten sakupengipun papan panggenanipun inggih wonten wewengkon metropolis Surabaya, laladan sisih kidul, persisipun tlatah Kebonsari Gang 1 Nomer 9 Surabaya.

“Uh Pakdhe!”, “Ooo Pak Sugeng Karawitan!”, makaten monceripun ing para tanggi tepalih celak menapadene tebih saking panggenanipun, ingkang nyilep kalenggahanipun minangka pegawai negeri sipil (PNS) kanthi ayahan utaminipun minangka salah satunggalipun panggulawenthah wonten Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawi, Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya (Unesa) ingkang sampun pinercados mengku jabatan lektor kepala kanthi pangkat pembina utama muda wiwit taun 2008.

Karya[besut | besut sumber]

Sugeng Adipitoyo kalebet penulis Jawi wonten karya sastra ugi buku-buku pendidikan, karya-karyanipun inggih menika:

  1. SURIPAN SADI HUTOMO MEMBANGUN KERAJAAN SASTRA JAWA : Serpihan esai tentang Suripan Sadi Hutomo. 2001. Penyunting Setya Yuwana Sudikan
  2. PEMETAAN KEBUDAYAAN DI PROVINSI JAWA TIMUR Sebuah Upaya Pencarian Nilai-nilai Positif. 2008.
  3. Antologi Crita Cekak: Enthung. 2011.
  4. MORFOFONEMIK BAHASA JAWA. 2011.
  5. VALENSI SINTAKSIS BAHASA JAWA. 2012.
  6. PIWULANGAN KETRAMPILAN UNGGAH-UNGGUH BASA. 2012. Prof. Dr. Setya Yuwana, M.A., Drs. Sugeng Adipitoyo, M. Si., dan Dr. Budinuryanta, M.Pd.
  7. MODUL PENGETAHUAN TRADISIONAL DAN EKSPRESI BUDAYA LOKAL JAWA TIMUR. 2013. Penyusun Prof. Dr. Ayu Sutarto, M. A. Prof. Dr. Akhmad Sofyan, M.Hum. Drs. Sugeng Adipitoyo, M. Si, Drs. Rokmat Djoko Prakoso, M.Sn., Dr. Ikwan Setiawan, M. A.

Penyunting Buku[besut | besut sumber]

Sanesipun dados penulis, Sugeng Adipitoyo ugi dados penyunting buku, antawisipun inggih menika:

  1. Antologi Geguritan : Sangarepe Ka’bah. 2016. dening Nyitno Munajat.
  2. SEJARAH DAN MITOLOGI SUKU ASLI KALIMANTAN TIMUR. 2012. dening Emanuel, Laurentius Dyson P., lan Paulus Matius.
  3. KEBIJAKAN TENTANG BUDAYA LOKAL (Kearifan Lokal Masyarakat Kutai Barat). 2013. dening Laurentius Dyson P., lan Emanuel.
  4. Antologi Crita Cekak: LINTANG ALIT. 2013. dening Sumono Sandy Asmara.
  5. WIRID WULANG RUH. 2013. Penerbit Sahabat Mandiri.
  6. BUSTAM SALATIM: Alih-aksara Arab Pegon ke Latin. 2019. Pengalih Aksara: Ahmad Syahrul Rahmat lan Ariska Hariyani.
  7. SERAT MURSADA: Alih-aksara Jawa ke Latin. 2019. Pengalih Aksara: Fuad Mujahid lan Paundra Pristyasiwi.
  8. RAMAYANA: Alih-aksara Jawa ke Latin. 2019. Pengalih Aksara: Norman Ari Santoso lan Sendang Nita Hariyani.
  9. BABAD MENAK: Alih-aksara Jawa ke Latin. 2019. Pengalih Aksara: Fuad Mujahid lan Paundra Pristyasiwi.
  10. CERITA NABI MUHAMMAD: Alih-aksara Arab Pegon ke Latin. 2019. Pengalih Aksara: Matkauli.
  11. BABAD SAMKOK: Alih-aksara Jawa ke Latin. 2019. Pengalih Aksara: Melinda Maharani lan Andre Pamungkas.
  12. SERAT DAMAR WULAN: Alih-aksara Arab Pegon ke Latin. 2019. Pengalih Aksara: Ahmad Syahrul Rahmat, Matkauli, lan Ariska Hariyani.
  13. KITAB MI’RAJ: Alih-aksara Arab Pegon ke Latin. 2019. Pengalih aksara: Sulistyani lan Afifah Dewi Suci.
  14. MEMULE KALA DESA: Ngewrat Kapitadosan Jawi Bab Wayah lan Papan ing Jawi Wetan. 2019. dening Afrizal,dkk.
  15. NGRUKTI ASTANA RUKMI: Ngewrat Sistem Kapitadosan Jawi Bab Ngaosi Papan ing Jawi Wetan. 2020. dening Adhana, dkk.
  16. MERDI HAYUNING SWASANA: Ngewrat Kapitadosan Jawi Bab Mangsa ing Jawi Wetan. 2020. dening A'latul, dkk.
  17. SERAT JAWAN SURAT YUSUF : ALIH AKSARA JAWA KE LATIN. 2022. Pengalih Aksara: Sugeng Adipitoyo, Ahmad Syahrul Rahmat, lan Ahmad Rizky Wahyudi
  18. SERAT CARITA NABI MUSA : ALIH AKSARA JAWA KE LATIN. 2022. Pengalih Aksara: Sugeng Adipitoyo, Fuad Mujahid, lan Sheril Galih Servianto