Menyang kontèn

Situasi Tutur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Situasi Tutur, inggih punika situasi ingkang nuwuhaken tuturan. Tuturan punika minangka akibat, situasi tutur punika minangka sebabipun. Ing salabetipun pacelathon boten wonten tuturan tanpa situasi tutur, maksud tuturan ingkang saleresipun namung saged kaidentifikaseaken lumantar situasi tutur ingkang nyengkuyung.[1] Leech (1983) njlèntrèhaken aspek/komponèn ingkang nyengkuyung situasi tutur inggih punika:

Penutur lan lawan tutur

[besut | besut sumber]

Aspek ingkang wonten gegayutanipun kaliyan panutur lan lawan tutur inggih punika yuswa, latar belakang social ékonomi, jinis kelamin, lan tingkat keakraban.

Konteks tuturan

[besut | besut sumber]

Konteks tuturan panilitèn linguistik inggih punika kontèks ing salebetipun sadaya aspèk fisik utawi setting social ingkang rèlevan saking tuturan ingkang gegayutan. Kontèks ingkang gadhah sipat fisik lazim inggih punika dipunsebat kotèks (cotext), konteks setting social dipunsebat kontèks.

Ancas tuturan

[besut | besut sumber]

Inggih punika prakawis ingkang badhé dipungayuh déning panutur kanthi nindakaken tumindakan tutur. Ancas tuturan inggih punika prakawis ingkang nglelandhesi tuturan dan sadaya tuturan ingkang tiyang normal gadhah ancas.

Tuturan minangka wujud tumindak utawi aktivitas

[besut | besut sumber]

Tegesipun tuturan minangka wujud tumindak utawi aktivitas inggih punika tindak tutur punika minangka tumindak ugi. Nuturaken salah satunggalipun tuturan saged dipuntingali dados numindakaken tumindak (act) (Austin 1962, Gunarwan 1994, lan aswanti Purwo 1990). Wonten ngriki tuturan boten wujud entitas abstrak kados tata basa, wonten ngriki tuturan inggih punika dados éntitas ingkang konkret jelas panutur lan lawan tuturipun, sarta wekdal lan papan pangutaraanipun.[2]

Tuturan dados produk tindak verbal

[besut | besut sumber]

Tumindak manungsa kapérang dados kalih, inggih punika tumindak verbal lan tumindak nonverbal. Mlampah punika kalebu tumindak nonverbal. Micara punikaa kalebu tumindak verbal. Tumindak verbal inggih punika tumindak ngèkspresekaken tembung – tembung utawi basa

Wekdal lan papantuturan sami saged bènten ing wekdal lan papan sanès

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. Lubis, A. Hamid Hasan. 1993. Analisis Wacana Pragmatik. Bandung: Angkasa.
  2. Yule, George. 2006. Pragmatik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.