Sandur
Sandur kalebu kesenian tradhisional. Kasenian Sandur iki padha karo ludruk, ananging sing mbedhakaké ya iku Sandur iki amung nduwéni siji lakon crita ya iku amung nyritatake babagan tani. Ing pagelarané Sandur iki pamilihan lakon ya iku lakon Balong, Pethak, Cawik lan Tangsil ya iku minangka bocah lanang kang durung disunat kang durung nduwéni akèh dosa lan dianggep isih suci.
Kasenian iki mèh padha karo kethoprak tradhisiona ing ngendi ing jeroné ana sawijining interaksi antarané lakon. Ora amung pacelathonan waé, nanging uga ana tari-tariané. Ana interaksi antarané papat lakon karo Germo. Ing pagelaran Sandur iki biasané dilakokaké kanti lumaku mutér ing sawijining lapangan. Basa kang digunakaké yaiku basa Jawa Ngoko nanging ora jarang uga nggunakaké basa Jawa Krama. Ing sela-selané pagelaran ana uga sawijining parikan kang tujuané ménehi pituur marang manungsa kang urip ing dunya iki intiné yaiku ing dunya iki kita urip minangka makhluk sosial ora olèh urip sakkarepé dhéwé, kita kudu ngati-ati, ora olèh gumedhé, lan kudu gelem urip gantian karo wong luya, kita urip in dunya iki uga butuhaké wng liya.
Babak
[besut | besut sumber]Babak ing pagelaran Sandur iku ana : babak tutup kerudung, buka krudung, bancik endog, bancik kendhi, bancik dengkul, bancik pundak, lan babak kalongking. Saka babak-babak kasebut bisa nggambaraké makna uripé manungsa wiwit sadurungé lair nganti mati lan bisa uga nggambaraké alur-alur pertanian.
Babak tutup kerudung
[besut | besut sumber]Nggambarake uripé manungsa kang isih ana ing jero kandhungane ibuné. Ing pertanian nggambaraké babat utawa reresik lahan.
Babak buka kerudung
[besut | besut sumber]Babak iki nggambaraké manungsa kang dilairaké ing dunya. Ing pertanian nggambaraké petani sing ndaut utawa njupuk wiji pari kang wis siap ditandur.
Babak bancik endok
[besut | besut sumber]Nggambaraké yaiku manungsa kang isih timur utawa bayi, isih dijaga karo wong tuwa loroné . Ing pertanian iki nggambaraké tandur utawa wayah tandur pari.
Babak bancik kendi
[besut | besut sumber]Nggambaraké kauripané manungsa kang isih bayi kang arep mudhun lemah utawa udhun. Ing pertanian nggambaraké wayah meteng uawa wayah pari kang wis awoh.
Babak bancik dengkul
[besut | besut sumber]Nggambaraké kauripané manungsa ing wayah enom, ing ngendi bocah-bocah isih seneng dolanan lan wayah nakal-nakalé. Ing pertanian nggambaraké pari uwis ambyak uawa wis awoh kabéh.
Babak bancik pundak
[besut | besut sumber]Nggambaraké kauripané manungsa kang wis déwasa, wayah tuwa, wayahe ngabdi. Ing pertanian nggambaraké pari wis tuwa lan wis nundhuk lan bangti, wis wayahé dipanèn.
Kalongking
Ing babak iki ing ngendi kauripané manungsa iki digabaraké wis mati utawa wis mbalik ing atasé Gusti Kang Maha Kuasa.
Makna Crita
[besut | besut sumber]Ing kasenian iki uga akeh nyritakaké wernané sifat kang ana ing dhiri manungsa. Éwat sifa kuwi manungsa bakal bisa diarahaké ing arah apik lan ala. Kanti anane sifat iku manungsa bakal nduwéni rasa syukur amarga apa sing wis dinduwéni saiki. Pengungkapan rasa syukur kuwi dilakonaké kanti anane pagelaran kasenian Sandur iki lan kudu asring dedonga lan nyuwun kaselametan ing ngatasé Gusti kkng Maha Kuasa, supaya dipringi rejeki kang lancar.[1]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Waras, Achmad (2016-10). "Makna Kesenian Sandur Ronggo Budoyo Bagi Masyarakat Tuban" (PDF). AntroUnairdotNet. V NO.3: 374–386.
{{cite journal}}
: Check date values in:|date=
(pitulung)