Sadranan Gunung Genthong
Sadranan Gunung Genthong menika tradhisi kang diwontenaken ing Dhukuh Manggung Gadhean, Dèsa Ngalang, Kapanéwon Gedangsari, Kabupatèn Gunungkidul. Sadranan menika diwontenaken sabanjuripun panèn kaping sepindhah marèngan palawija. Sadranan menika dados ucapan syukur marang kasil panen.
Sajarah
[besut | besut sumber]Nalika abad kaping XIV, para penggawa Majapait lan Demak dumugi lan gesang ing Gunungkidul. Tinggalan para penggawa menika wonten ing Gunungkidul kados dene pasareyan, petilasan, lan barang utawi pusaka kang dados prantandha menawi panjenenganipun wonten ing Gunungkidul. Para wargo pitados menawi Raden Patah, Prabu Brawijaya, Ki Ageng Giring, lan Ki Ageng Pemanahan ing Gunungkidul. Panjenenanipun dipitadosi dados kang mbeto kabudayan enggal ing Gunungkidul. Warga Gunungkidul uga pitados menawi Walisanga menika sampun wonten ing Gunungkdul lan nyebaraken Islam lan mawiyat tradhisi migunakaken cara kabudayan kados Sadranan, Rasulan, Reresik Desa, lan Sedhekan Bumi. Sadranan Gunungkidul menika dados gabungan antawisipun tradhisi Majapait lan ajaran Walisanga.[1]
Sadranan menika dicuplik saking tembung basa Arab "sadr" kang artosipun dada utawi manah. Tembung menika dicuplik dados basa Indonesia dados "sadar" kang kaitanipun kaliyan manah kang resik. Tiyang Jawi menika paring jejuluk "sudrun" kang artosipun edan utawi aneh. Sadranan menika diwontenaken setaun sepindhah kados pepéling marang sesepuh kang maringi pawiyatan kabecikan nalika gesang kados tandhur utawi cara ngangengaken Gusti Kang Akarya Jagad, Gusti Kang Murbeng Dumadi.[2] Nydaranan menika kebatosan ingkang dipunjumbuhken kaliyan kasunyatan.[3]
Tata Cara
[besut | besut sumber]Sadranan Gunung Genthong menika diwontenaken marang Gunung Genthong kang wonten ing Dhukuh Manggung Gadhean, Dèsa Ngalang, Kapanéwon Gedangsari, Kabupatèn Gunungkidul, Daerah Istimewa Ngayogyakarta.[4] Sadranan menika diwontenaken setaun sepindah ing dinten Selasa Kliwon miturut penanggalan Jawi sabanjuripun panen kapisan ing tengah marengan palawija.[5] Tigang puluh dinten utawi selapan dinten sabanjuripun sadranan menika kaleksananan, diwontenaken Rasulan Gubug Gedhé inggih menika upacara sabanjuripun panen.[6] Acara menika dipun isi kados peken dalu, ringgit, lan olah raga antawasipun taruna lan taruni desa. Gubug Gedhé menika dipitadosi dados pesanggarahan para pendherek Prabu Brawijaya V.
Sadranan Gunung Genthong menika disandingaken kaliyan upacara sakliyanipun kados déné Rasulan. Rasulan menika upacara sukur sasampunipun panèn. Sadranan lan Rasulan menika digelar ing Gunungkidul. Kekalihipun kedah urut lan mboten angsal kuwalik, sadranan rumiyin banjur rasulan.[7]
Sadranan Gunung Genthong lan Rasulan Gunung Gedhè menika diwontenaken sedasa dinten. Setunggal minggu digelar lomba kagem warga. Sedinten sadranan lan rasulan. Setunggal dalu dados pagelaran ringgit. Nyadranan diwontenaken setunggal taun sepindah ing dinten Selasa Kliwon saderengipun Rasulan ing Gubug Gedhé saderengipun panèn, sanes ing wulan Siyam. Benten kalih nyadran, Rasulan menika diwontenaken ing Senin Pahing utawi Minggu Pahing lan mboten angsal ing wulan Ruwah, Siyam, lan Sawal.[8]
Saderengipun acara sadranan menika diwonteni, para warga gotong royong nyiapaken sesajèn, piranti, lan sakpanunggalanipun. Menika disiapaken setunggal dinten utawi kalih dinten saderengipun Sadranan. Piranti kang dibetahaken menika wonten:
- Reresik margi lan dhusun-dhusun kang dilewati arak-arakan. Utaminipun ing Dhusun Manggung Gandhean.
- Nyiapaken piranti kang digunakaken upacara.[9]
Nalika dinten Senin Wagé, warga nyiapaken alat lan dhaharan kados déné:
- Damel longsong kupat
- Palawija
- Ulam loh kang ajeng dibakar
- Jadah
- Jenang
- Gedhang Raja
- Panjang ilang kalih cacah saben dèsa.
- Kalih selendang
- Kalih payung/songsong
- Kalih tiyang kang migunakaken busana tradhisi.
Sajen kang kedah disiapaken inggih menika:
- Sesaji wohing dami, kados dene sekul liwet, sambel gepeng, jagung, gerèh lethek, kupat, lèpèt, jadah ketan, jadah oran, jadah cathel, jadah jawut, intip sekul, lan cengkaruk gogik.
- Palawaija kang arupa kacang srenthul godhog goring, dhelé godog, goreng takir, jagung godog, cabuk wijèn, brondhong jagung.
- Pala kependhem kang arupa tela godhog, tela bakar, uwi gembili, gambol tales godhog, kimpul, garut, lèmbong, kentang sabrang, kentang kleci, tela pendhem, gethuk, jadah thiwul, thiwul, thiwul gadung, krècèk tela, jenang grendhul (jenang pathi).
- Pala gumantung kang arupa gedhang raja, gedhang ambon, gedhang gabu, gedhang kapok, gedhang uter, lan sak panuggalanipun.
- Lawuhan kang arupa ayam panggang, ulam lèpèn panggang, lan ndog godhog.[10]
- Kuluban pengalum-alum kang arupa godhong turi, apa-apa, lan dadap serep.
- Gantenan kang arupa suruh ayu, gambir ayu, mbako ayu, lan sadak.
- Dupa wewangen kang arupa menyan kobar, menyan wangi, lan dupa ratus.
Upacara menika digelar ing dinten Selasa Kliwon. Wiwitanipun para warga menika masak sajèn kang dibetahaken, kados kupat, uwi, gembili, embong, garut, gethuk, cemplon, ayam panggang, ulam lèpèn panggang, lan sakpanunggalanipun. Nalika wanci jam 05.00 enjing, warga menika mbeta sajen menika wonten ing griyanipun dhukuh. Sabanjuripun bu dhukuh menika kaliyan ibu sakliyanipun milih sajen kang ajeng dibeta ing Gunung Genthong. Wonten 7 jinis sajèn kang dibeta. Sajen menika banjur dibeta wonten ing Balé Dèsa Ngalang supados diwungkus dados kalih pèrangan, setunggal pèrangan dibeta migunakaken ténggok utawi thenong, lan pérangan setunggalipun dibeta migunakaken jodhang. Sakliyanipun menika milih sekawan lirang gedhang raja kagem damel abon abaon sajodo.[11]
Sabanjuripun, menika wiwit mlampah dados kalih kelompok mbeta sajèn. Setunggal kelompok mbeta sajin alit rumiyin tumuju ing Belik Gayam Sambeng. Kelompok sakliyanipun kang ageng menika mbeta sajèn tumuju ing Gunung Genthong kan papanipun ing Manggung. Sesarengan kaliyan kelompok menika wonten kelompok alit kang mbeta sanggan tumuju ing Belik Gayam Sambeng. Jarak tumuju Belik Gayam Sambeng menika 2 kilometer, lan tumuju ing Manggung jarakipun 4 kilometer.[12]
Kelompok kang tumuju ing Manggung namung angsal ngaso setunggal wekdal nalika dumugi ing Watu Lincip, inggih menika sisih kilen Belik Ngèkong lan Kong Koco.[13] Sawalikipun kelompok kang mbeta sanggan menika mboten angsal ngandhapaken emban ing sangganipun. Kelompok menika kedah mlampah tumuju 500 meter saking Gadhean Manggung.
Sasampunipun dumugi Manggung, biasanipun sampun kathah sajèn saking dhusun saliyanipun. Jodhang menika dipapanaken wonten ing nginggilipun klasa ing jawinipun krapyak (pagar) sesarengan kaliyan warga lenggah nyiapaken gendhuren sadranan. Sajèn ageng saking dèsa menika banjur dibika lan ditata ing setunggal papan. Sesepuh banjur milih sajen kang saé, banjur dipapanaken ing satunggalipun papan, didadosaken setunggal kaliyan sajèn saking dhusun saliyanipun. Sabanjuripun katata, sesepuh banjur mbakar dupa lan ngunjukaken donga maran Gusti Kang Maha Kuwaos. Sabanjuripun donga sesepuh menika kandha marang lurah utawi dutanipun menawi ajeng miwiti upacara kanthi urutan: pambuka, waosan sajarah Gunung Genthong, pambagya harja lurah, pambagya harja panewu, ikrar nyadran, donga, lan tutupan arupa gendhurèn.[14]
Sabanjuripun gendhurèn menika pungkasan, warga kundhur ing griyanipun piyambak-piyambak mbeta kupat. Kupat menika banjur dipépé dumugi garing banjur dicampuraken ing rabuk utawi winih. Rabuk menika banjur disebar ing sabin kanthi kekarepan supados panen menika kathah lan mboten wonten ama lan penyakit, kang diarani ngalap berkah. Miturut warga Manggung, sabanjuripun gendhurèn, para warga menika ngawontenaken gendhurèn piyambak ing Belik Ngèkong kang ing sisih wetan Watu Lincip (papanipun jodhang), kanthi mbeto abon-abon. Juru Kunci Gunung Genthong menika ngadhuk toya mbelik sambi donga.[15]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Sadranan Gunung Genthong di Gunungkidul". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-04. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Nyadran Gunung Gentong, Wujud Syukur Warga Ngalang". KabarHandayani.com. 2016-05-10. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Jejak Spirit dalam Upacara 'Nyadran' di Gunungkidul Yogyakarta". Kumparan.com. 2019-11-14. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Nyadran Gunung Gentong, Wujud Syukur Warga Ngalang". KabarHandayani.com. 2016-05-10. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Gunung Ireng dan Gunung Gentong Warisan Geologi di Gunung Sewu yang Kaya Potensi". ArgoSosroFm93.2. 2021-06-02. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Nyadran Gunung Gentong Wujud Syukur Warga Ngalang". KabarHandayani.com. 2016-05-10. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Sadranan Gunun Genthong Gunungkidul". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-04. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Sadranan Gunun Genthong Gunungkidul". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-04. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Jejak Spirit dalam Upacara 'Nyadran' di Gunungkidul, Yogyakarta". Kumparan.com. 2019-11-14. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Jejak Spirit dalam Upacara 'Nyadran' di Gunungkidul, Yogyakarta". Kumparan.com. 2019-11-14. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Sadranan Gunung Genthong Gunungkidul". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-04. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Sadranan Gunung Genthong Gunungkidul". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-18. Dibukak ing 2019-03-04.
- ↑ ""Mikul Jodang" Khas Tradisi Nyadran Gunung Gentong". Infogunungkidul. 2019-05-03. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Upacara Adat Nyadran Gunung Genthong". TK Masyitoh II, Dinas Pendidikan Kabupaten Gunungkidul. Dibukak ing 2023-03-04.
- ↑ "Jejak Spirit dalam Upacara 'Nyadran' di Gunungkidul, Yogyakarta". Kumparan.com. 2019-11-14. Dibukak ing 2023-03-04.