Sad Satan
Sad Satan minangka game horor sing dirilis kanggo Microsoft Windows ing taun 2015. Game iki dikira-kira digawe dening pangguna *dark web* sing nggunakake jeneng samaran "ZK".
Ing game iki, pemain mlaku ngliwati koridor sing surem lan monokrom kanthi sudut pandang wong pisanan (*first-person view*), sinambi kerep kaganggu dening kilatan gambar sing nutupi layar wutuh. Ora ana tujuan utawa syarat kanggo menang ing game iki.
Ana rong versi Sad Satan sing misuwur; rekaman video saka versi paling awal diunggah menyang saluran YouTube Obscure Horror Corner tanggal 25 Juni 2015. Video game kasebut banjur diliput dening sawetara media basa Inggris lan sabanjure uga diliput ing tingkat internasional. Versi sabanjure saka Sad Satan, sing ora resmi diarani versi "klon" amarga anane prabédan gedhe dibandhingake karo versi awal, dadi kondhang (kanthi reputasi ala) amarga ngemot gambar-gambar sing ekstrem lan ngeri, kalebu foto mayit sing rusak parah lan materi Pornografi Bocah (PB).
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |