Piwulang Jawa Anak-anak Sedulur Sikep Kadipaten Pati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sedulur Sikep Kadipaten Pati yaiku salah sawijining masakarat sing ana ing Kecamatan Sukolilo.[1] Kelompok iki ngugemi ajaran sikep sing diprakarsani dening Raden Kohar utawa asring ditimbali Samin Surosentiko. Salah sawijining ajaran sikep ora nyekolahake anak-anake ing sekolah formal amarga wedi yen mengko laku sikep sing wis diugemi bakal luntur. Saka sebab iku mula Sedulur Sikep duweni pasinaon dhewe sing diarani piwulang Jawa. [2]Piwulang Jawa iki kurikulume wis dipadhakake karo laku sikep, saengga ora bakal ngowahi laku sikep sing diugemi malah kepara sansaya ndadekake laku sikep saya kenthel. Ancase piwulang Jawa supaya anak-anake Sedulur Sikep ngerti bab tata tulis lan maca sarta sinambi ngrembakake budaya Jawa sing saiki rada luntur merga ing sekolah formal wis jarang diajarake. Ancas liyane supaya Sedulur Sikep ora goyah anggone ngadhepi era globalisasi sing sithik akeh nggawa dhampak sing ora becik. Ing piwulang Jawa mung siji sing dadi gurune yaiku Gunarti, salah siji tokoh wadon Sedulur Sikep aing wis dikenali wong akeh.[2]

Sinau Tembang Macapat[besut | besut sumber]

Anak-anak Sedulur Sikep diajari nembang macapat sing cakepan utawa lirike wis pas karo ajaran sikep. Biyasane tembang sing digunakake kanggo sinau yaiku tembang Gambuh, Pocung, lan Pangkur.

Anak-anak Sedulur Sikep Sinau Tembang Macapat

Tembang Gambuh[besut | besut sumber]

urip iku kedah jumbuh

(hidup itu harus selaras)

nyumurupi ing bebrayan agung

(bisa membaur di masyarakat)

urip urap mila kedah den setiti

(hidup bersama maka harus teliti)

tindak sepecak lan gunemipun

(tingkah laku kecil dan perkataan)

den wasapada den prayitna

(tetap waspada dan berhati-hati)[2]

Tembang Pocung[besut | besut sumber]

pokokipun

(asalnya)

Pancasila bakunipun

(Pancasila dasarnya)

paugeran praja

(panutan negeri)

rakyat kapurih nyawiji

(rakyat disuruh bersatu)

tata tentrem kawula karta raharja

(keadaan tentram rakyat tertib sejahtera)[2]

Tembang Pangkur[besut | besut sumber]

jejer minangka manungsa

(kodrat sebagai manusia)

bisa ngrasa susahe kewan kuwi

(bisa merasakan susahnya hewan itu)

mula tetep laku nandur

(oleh sebab itu tetap menanam)

kanggo imbange alam

(untuk keseimbangan alam)

kanthi mangkono urip tansah sempulur

(dengan begitu hidup selalu berkembang)

samiya dana dinayan

(saling memberi kekuatan)

mrih bumi tetep lestari

(agar bumi tetap lestari)[2]

Sinau Arane Anake Kewan[besut | besut sumber]

Anak-anak Sedulur Sikep diajari supaya ngerti jeneng wit-witan ing sakiwa tengene, amarga iku pasinaon sing ora ana ing sekolah formal.

  • anak bebek : meri
  • anak cecek : sawiyah
  • anak jangkrik : gendholo
  • anak kucing : cemeng
  • anak manuk : piyik
  • anak pitik : kuthuk
  • anak sapi : pedhet
  • anak tikus : cindhil
  • anak kebo : gudel
  • anak wedhus : cempe
  • anak ula : kisi
  • anak cacing : lur
  • anak bandeng : nener
  • anak asu : kirik
  • anak kodhok : cebong
  • anak menthog : minthi[2]

Sinau Arane Wit-Witan[besut | besut sumber]

Sinau iki uga supaya anak-anake Sedulur Sikep ngerti jeneng-jeneng wit-witan ing sakiwa tengene. Uga nuduhake menawa basa Jawa duweni panyebut langkung spesifik tinimbang basa sanese.

  • wit aren : ruyung
  • wit gedhang : debog
  • wit kapuk : randhu
  • wit klapa : glugu
  • wit mlinjo : bego
  • wit jagung : tebon
  • wit pari : damen
  • wit jati : jangglengan
  • wit kacang : rendeng
  • wit pring tuwa : bungkilan
  • wit pring enom : bung
  • wit pohong : bonggol[2]

Perawakan Tokoh Wayang[besut | besut sumber]

Anak-anak Sedulur Sikep uga disinauni babagan jagad pakeliran uatwi pewayangan. Sinau menika winates bab perawakanipun wayang kemawon, kadosta:

  • Anoman : awake rupane putih, nduweni buntut, lan dheweke kuwi bangsa kethek (badannya putih, mempunyai ekor, dan dirinya termasuk jenis kera).
  • Gatotkaca: raine rupane ireng, gagah, nduweni kutang antakusuma sing isa dinggo mabur (wajahnya berwarna hitam, gagah, mempunyai kutang antakusuma yang bisa dipakai terbang).
  • Semar : awake cendhek, rambute cekak, raine putih, bokonge gedhe, lan wetenge lemu (adannya pendek, rambutnya sedikit, wajahnya putih, pantatnya besar, dan perutnya gemuk).
  • Gareng : irunge bunder, sikile pincang, awake cendhek, rambute kunciran, tangane ceko, lan mripate kero (hidungnya bulat, kakinya pincang, badannya pendek, rambutnya kunciran, tangannya bengkok, dan matanya juling).
  • Petruk ; nduweni irung dawa lan kulite ireng (empunyai hidung panjang dan kulitnya hitam).
  • Bagong : awake cilik, sirahe botak, lambene dower, lan wetenge lemu (adannya kecil, kepalanya botak, bibirnya dower, dan perutnya gemuk).[2]

Paripustaka[besut | besut sumber]

  1. Darmastuti, R., & Prasela, M. K. (2010). “Two Ways Communication: Sebuah Model Pembelajaran dalam Komunitas Samin di Sukolilo Pati”. Jurnal Ilmu Komunikasi, Volume 8, Nomor 2, Halaman 204– 216. URL: http://jurnal.upnyk.ac.id/index.php/komunikasi/article/view/81.
  2. a b c d e f g h Iriyanto, Ery. (2020). Piwulang Jawa Anak-anak Sedulur Sikep di Kecamatan Sukolilo Kabupaten Pati. Skripsi. Semarang: Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. URL: http://lib.unnes.ac.id/41374/.